Waosan: Ibrani 1 : 1 – 4 | Pamuji: KPJ. 54
Nats: ”Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur.” (Ayat 3)
Boten sadaya tiyang purun ngakeni kalepatanipun. Tumrap sawetawis tiyang bilih piyambakipun punika ngakeni kalepatan punika, piyambakipun rumaos asor lan nistha. Prekawis punika saged adhedhasar ing kasunyatan bilih ngakeni kalepatan dhateng sesami punika pancen ewet sanget, awit dereng tamtu dipun apura, malah saged ugi dipun celathu. Benten kawontenanipun kaliyan ngakeni kalepatan ing ngarsanipun Gusti. Krana agenging katresnan-Ipun, Gusti karsa paring piwelas lan pangapura. Ananging kados pundia kemawon, kalepatan ingkang boten dipun akeni ndadosaken tiyang punika boten saged ngraosaken tentreming manah awit boten wonten karukunan.
Perangan serat Ibrani ingkang ndhasari gegilutan wanci punika nerangaken bilih Gusti Yesus inggih dados cahya kamulyanipun Gusti Allah punika ingkang ngentasaken kita saking pangrehing dosa. Sakathahing kalepatan kita karsa dipun tanggel lumantar pangurbanan-Ipun. Bab punika negesaken dhateng kita bilih kamulyanipun Gusti Allah estunipun tetela saking katresnanipun ingkang karsa nyanggi saha nucekaken gesang kita saking dosa kanistan. Paseksi punika paring pepenget bilih Gusti Yesus ingkang sarwa kebak kamulyan, karsa nyanggi saha nanggel kanisthan kita. Lajeng kados pundi kaliyan kita? Kedahipun kita ingkang nistha punika purun ngakeni kalepatan dhiri kita.
Kita sampun lumampah ing Minggu Adven III. Ateges pangantya kita tumrap rawuhipun Gusti Yesus ing jagad punika sansaya celak. Anggen kita sami sumadya methukaken rawuhipun Gusti, kedahipun sinarengan kasagahan kita ngakeni kalepatan dhiri ingkang kebak dosa saha kanisthan ing ngarsanipun Gusti. Kasagahan kita ngakeni kalepatan punika boten ndadosaken kita nistha, ananging sansaya pantes nampi kamulyanipun Gusti. Sumangga kita nyadhari bilih ingkang kawastanan lepat ing ngarsanipun Gusti punika estunipun inggih kalepatan ingkang kita tindakaken dhateng sesami, sae punika dhateng garwa, anak, tiyang sepuh, kanca, lan sanesipun. Kanthi makaten, suraosing timbalan bab kasagahan ngakeni kalepatan ing ngarsanipun Gusti, ugi ateges sagah ngakeni kalepatan ing ngajengipun sesami. Amin. [aan]
“Ngaku lepat ndadosaken kita rinuwat.”