Bibar Jawah Mijil Kluwung Pancaran Air Hidup 21 Desember 2021

21 December 2021

Waosan: Rum 8 : 18 – 30 ǀ Pamuji: KPJ. 198 : 1
Nats:
“Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allah uga makarya ana ing samubarang kabeh, njalari becike wong kang padha tresna marang Panjenengane, yaiku para kang tinimbalan miturut ing pepesthining Allah.” (Ayat 28).

Nalika taksih alit, kita mesthi ngraosaken bingah sanget manawi kita antuk kesempatan saged nyekseni pelangi utawa kluwung. Wontenipun kluwung punika dados prastawa ingkang agung lan elok sanget. Mijilipun kluwung mesthi kawiwitan saking jawah, sarampungipun jawah, lajeng langit ketingal padhang rinengga kluwung ingkang warna-warni. Pancen ngeram-eramaken elokipun kluwung ingkang mijil sasampunipun jawah, malah saking prastawa alam punika, kita saged ngengeti prajanjinipun Gusti Allah marang sadaya titah kagunganipun.

Kadya kamulyan ing pigesanganipun tiyang pitados boten saged uwal saking “jawahing kasangsaran” ing alam donya punika (ay. 18). Rasul Paulus nyebataken bilih kasangsaran ing jaman sakpunika boten badhe nglangkungi kamulyan ingkang badhe kalairaken dhateng umat kagunganipun Gusti ing jaman kelanggengan. Pramila Rasul Paulus ngengetaken para umat pitados ing kitha Roma supados kagungan pangajeng-ajeng, sabar, lan mantheb ing Gusti Allah. Sabab Panjenenganipun badhe ngluwari para umat kagunganipun saking pangawulaning karusakan ingkang nyengsarakaken (ay. 28). Para umat pitados sampun ngantos ajrih lan sumelang ngadhepi sedaya prekawis ingkang awrat, awit Sang Roh Suci tansah ndayani ing sajroning karingkihan kita lan ndedonga kangge kita dhumateng Gusti Allah kanthi pasambat ingkang ora kenging winirasa.

Tantangan, pacoban, lan kasangsaran ing pigesangan punika sampun dados kasunyataning gesang ing alam donya punika. Ananging tumrap para umat pitados, sampun ngantos kita kecalan pangajeng-ajeng kita, bab pangluwaran saking Gusti Allah. Senadyan ta ing donya taksih ngalami pagebluk Covid-19, perekonomian dereng stabil, tuntutan sekolah lan pendamelan sansaya awrat, sumangga kita tansah manteb ing pangajeng-ajeng kita dhumateng Gusti. Kadya kita nganti-anti mijiling kluwung sasampunipun jawah, sumangga ing dinten-dinten Adven punika kita kanthi sabar lan manteb nganti-anti pakaryanipun Gusti ingkang ngluwari pigesangan kita saking bebendu ing donya. Awit rawuhipun wus celak saha pakaryanipun Gusti Yesus ingkang elok lan agung bakal kasumurupaken kangge kita sadaya. Amin. [mojo]

 “Seindah pelangi, secerah mentari janji-Mu teruji, Engkau Tuhan yang terpuji.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak