Setya Dumugi Ing Janji Renungan Harian 21 April 2020

21 April 2020

Waosan  : 1 Korinta 15 : 19 – 28   |  Pamuji : KPJ. 65 : 1, 2
Nats:
“Lan yèn enggon kita precaya marang Sang Kristus mau mung kanggo urip kita salawasé ana ing donya iki waé, kita iki rak dadi wong sing cilaka dhéwé ana ing jagad kéné” (Ay. 19)

Ayat 19 menika asring dipundamel kangge mbongkar imanipun para pitados dhateng Gusti Yesus dening salah satunggaling sekte ing Indonesia. Inggih sekte ingkang ugi mboten pitados Gusti Yesus minangka Juru Wilujeng. Nyatanipun nalika pitakenan menika kita bahas wonten ing majelis pasamuwan ing desa Glenmore, majelis menika saged mangsuli kanthi runtut lan sae. Piyambakipun ngagem sedaya perikop kangge mangertosi waosan kados ing bab menika. Wangsulanipun pranyata wonten ing ayat sakderengipun, ing ayat 17 Lan yèn Sang Kristus ora kawungokaké precayamu rak mung gagasan sing ngayawara (khayalan) lan kowé isih padha mati merga dosa-dosamu. Gusti Yesus wungu menika ingkang dados panjawab lan menika ingkang pranyata penting lan paring pembelaan piyambak. Tegesipun Gusti Yesus saged mbela dirinipun piyambak lumantar kesaksian iman ingkang dipunalami dening rasul Paul ing serat menika.

Wungunipun Gusti Yesus menika identitas umat pitados lan ugi kekiyatan kangge njaga pengajeng-ajeng ing kawontenan ndonya ingkang cepet sanget ewah-ewahanipun. Kita mboten namung njagi keyakinan iman, nanging ugi paseksi lumantar gesang bebrayatan bilih estu Gusti Yesus menika wungu lan mitulungi rahayu. Mangga kita ngatag manah kita wantun paseksi bilih wungunipun Gusti Yesus menika dados andel-andel kita jumangkah ing margining kaleresan. Paseksi menika estu dados pratandha putranipun Gusti Yesus ingkang setya tuhu ngantos dumugi ing wekasan. Gusti Yesus mboten merlokaken pitulungan kita kangge mbela diriNipun, kita ingkang kedah dipun tulung dening Panjenenganipun, uger tetep setya lan pitados bilih Gusti Yesus dados Juru Wilujeng ngantos dumugi ing janji. Amin. (LUV)

 “Gusti Yesus menika ingkang mbela kita, sanes kita ingkang mbelani Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak