Waosan: Purwaning Dumadi 47 : 13 – 26 | Pamuji: KPJ. 416
Nats: “Ature wong akeh iku: “Panjenengan dalem ingkang mitulungi gesang kawula, uger kawula sami manggih sih wonten ing ngarsanipun gusti kawula, kawula badhe nglampahi dados abdinipun Sang Prabu Pringon.” (Ayat 25)
Ing salah satunggaling pasamuwan, nalika mahargya tanggap warsaning pasamuwan, dipun wontenaken kegiatan ‘saking warga, kagem warga’. Kegiatan punika dipun wontenaken saperlu wangsuli kahanan paceklik ingkang kalampahan sakbibaripun mangsa pandemi Covid-19! Menawi dipun pirsani kegiatan punika karaos ‘tega’, ing mangsa ingkang awrat, malah kasuwun nggatosaken kahanan sesami ing sakiwa-tengen, kamangka kahanan dhiri kemawon taksih karaos winates. Pasamuwan punika kagungan pangangkah ing satengahing mangsa ingkang awrat, pasamuwan mboten angsal kecalan raos nyatunggil minangka patunggilan. Satunggal lan satunggalipun kedah sangkul sinangkul supados kabingahan, kasantosan, ugi katentreman saged kababar ing gesangipun pasamuwan. Ingkang prelu dipun sinaoni nggih punika, pamanggih saking panitia ingkang saestu nggalih kanthi wicaksana, “Kados pundi ing satengahing mangsa awrat punika, babagan tanggap warsaning pasamuwan saged dados dhasar mujudaken kasantosaning warga pasamuwan.”
Purwaning Dumadi 47:13-26 nyariosaken mangsa pailan babagan pangan. Yusuf ingkang dipun piji dados pangarsa ing tlatah Mesir mujudaken gambaran tiyang ingkang wicaksana. Kawicaksananipun Yusuf punika mawujud, nalika sedaya panguwaos ingkang dipun tampeni punika, mboten kangge kapentingan dhirinipun pribadi, ananging saperlu kangge kasantosaning bangsa. Tansaya cetha kawicaksanan punika saged kapirsanan nalika Yusuf makarya kanthi temen, jujur, lan tanggeljawab. Sedaya asilipun panen punika dipun pasrahaken dhateng bangsa Mesir lumantar Prabu Pringon. Yusuf saged kawastanan salah satunggaling kagunganing Gusti ingkang saestu wicaksana lan dados sarananing berkah ing satengahing mangsa pailan!
Babagan ingkang awrat tamtu mboten badhe uwal saking lampah pigesangan kita, ananging ingkang dados bab ingkang wigati, ing satengahing kahanan awrat kalawau, kita kedah kagungan pamanggih, bilih kasantosan lan kabingahan ingkang dados klangenan punika ugi kagem sedaya, mboten namung kangge dhiri kita pribadi. Amin. [ven].
“Sarana katentreman punika kawastanan adi, nalika wonten ing papan ingkang kebak momotan, sanes papan ingkang kebak katentreman.”