Waosan: 2 Para Raja 5 : 1 – 14 | Pamuji: KPJ. 369
Nats: “Abdi iku matur marang bendarane putri: “Menawi bendara kula kersa manggihi nabi ingkang wonten ing Samaria punika, nabi punika temtu damel birating gerahipun.” (Ayat 3)
Boten sadaya tiyang saged ngajeni tiyang sanes ingkang andhap, punapa malih sekeng. Boten sekedhik tiyang-tiyang ingkang andhap lan sekeng punika ingkang paring pitulungan, pambiyantu menawi wonten sadherek sanes ingkang kasisahan lan nandhang kaprihatosan, kados menawi wonten banjir, tanah longsor, lindhu, angin puting beliung, kobongan, erupsi gunung, lan sakpanunggalanipun.
Ing waosan, kita manggihaken wonten priya agung ingkang ngajeni abdinipun. Abdi ingkang kapundhut saking rampasan perang bangsa Israel. Ing sisi sanes wonten kapribaden ingkang saestu mengsemaken ingkang saged dados piwucal kangge kita. Sepisan, Pawestri abdining garwanipun Naaman. Pawestri ingkang nggadhahi kapribaden unggul lan iman ingkang bakuh. Kabukti senaosa gesangipun boten mardika lan sarwa winates, piyambakipun tetep nggondheli Gusti Allah Israel ingkang dados etuking kawilujengan. Iman kapitadosanipun dados piranti kanugrahaning Allah kangge nyarasaken Naaman. Kaping kalih, Elisa. Elisa dados Nabi ingkang tinarbuka dhateng sinten kemawon, kalebet bangsa manca ingkang nate ngrisak negarinipun. Elisa karsa dipun agem Gusti nyarasaken Naaman. Kaping tiga, Naaman. Naaman punika senopati perang ingkang dipun tresnani Sang Nata Aram. Naaman saweg nandhang sungkawa awit sesakit ingkang dipun sanggi. Emanipun Naaman boten nggadhahi manah andhap asor, awit rumaos dados senopati gung binatara, ngantos nolak prentahipun Elisa. Puji sokur menawi pungkasanipun saged nampi awit pitedahipun pawestri abdinipun Naaman.
Saking waosan punika kita saged methik piwucal endah.
- Kadosdene abdi pawestri saking Israel, sumangga kita nggondheli iman kapitadosan ing Sang Kristus wontena pundi dunung lan papan kita, lan kita ngudi supados gesang kita dados saluraning berkah.
- Kita bucal sifat kumalungkung, adigang, adigung, adiguna, sapa sira sapa ingsun kados Naaman, senaosa kita nggadhahi pangkat, drajat, donya brana, kita tetep andhap asor.
- Kita tinarbuka, toleransi, paring pambiyantu dhateng sinten kemawon boten ningali ras, suku, agami, golongan, warni kulit kados ingkang dipun tuladhakaken Elisa.
Sumangga kita ngajeni sadaya titahipun Allah, tanpa mandheng status sosialipun, sae ingkang sugih, ingkang sekeng lan ingkang asor. Gusti mberkahi kita. Amin. [Djian].
“Ngajeni tiyang sekeng, ateges ngajeni ingkang nitahaken.”