Waosan : Yeremia 20:14–18 | Pamuji : KPJ.155
Nats: “Yagéné aku kok lair saka ing kandhutan, nyawang kasusahan lan prihatin, temah dina-dinaning uripku liwat klawan wirang?” (ay. 18)
Mèh saben tiyang menawi mèngeti dinten lairipun utawi HUT, mesti kanthi raos bingah. Warni – warni cara tiyang mèngeti dinten lairipun, wonten ingkang kanthi pésta, wonteng ingkang ngawontenaken pangabekti ing griyanipun, wonten ingkang ngajak brayatipun rekreasi, lan sanès – sanèsipun. Nging wosipun, dinten lair punika umumipun dipun pèngeti kanthi kabingahan.
Pranyata bènten kaliyan Yeremia ing waosan dinten punika. Yeremia malah kados – kados nggetuni dinten lairipun. Sedaya punika awit tumindakipun Pasyhur bin Imer, imam kepala ing padaleman suci ingkang mireng pamecanipun (nubuatan) Yeremia sesambetan kaliyan Yehuda lan Yerusalem ingkang badhé nampi bilai. Amargi pameca punika boten ngremenaken, mila lajeng Yeremia dipun belok ing gapura Benyamin. Nah, sedaya punika dipun raosaken déning Yeremia minangka kasangsaran ingkang awrat lan perkawis ingkang dadosaken gesangipun kawirangan. Inggih amargi punika lajeng piyambakipun ngundhamana dinten lairipun.
Sejatosipun Yeremia mangertos resiko ingkang badhé dipun adhepi menawi nglantaraken pameca saking Gusti Allah tumrap Yehuda lan Yerusalem. Nging piyambakipun tetep mituhu dhumateng préntahipun Gusti Allah, nglantaraken pameca kalawau.
Menawi kita raos – raosaken, dinten punapa kémawon boten wonten ingkang lepat, klebet dinten kalairan. Awit Gusti nitahaken sedaya dinten punika saé, boten wonten ingkang awon lan lepat. Nging bilih wonten ing salebeting pigesangan punika kita ngalami perkawis warni – warni, punika leres. Kanyatanipun kadhang kita ngalami sakéca lan kadhang ugi ngadhepi perkawis ingkang dadosaken gesang kita kraos sangsara sarta awrat. Nging ingkang wigatos, kados déné Yeremia : tetep nindakaken préntah lan karsanipun Gusti ing sadhéngah perkawis gesang punika. Kita pitados Gusti nganthi lan mitulungi. Amin. [wn]
„Mituhu Sajroning Laku, Sumarah Sajroning Pasrah.“