Sewenang-Wenang Renungan Harian 20 Desember 2017

20 December 2017

Waosan : Markus 9 : 9 – 13 | Pamuji : KPK 56 : 1, 3
Nats: “Élinga, Nabi Élia pancèn wis rawuh. Nanging wong-wong padha tumindak sawenang-wenang marang panjenengané. Kuwi cocog karo sing wis katulis ing Kitab Suci.” [ayat 13]

Kita saGKJW wiwit taun 2017 menika nggadhahi tekat kados ingkang kacetha ing tema paladosan “Mandiri dan Menjadi Berkat”. Supados saged dados berkah tumrap sedaya titahipun Allah, kita tamtu kedah tansah lan saged tumindak ingkang leres lan sae tumrap sedaya titahipun Allah. Menika ateges kita nebihaken tumindak sawenang-wenang dhateng sintena kemawon lan menapa kemawon.

Manungsa gampil sanget tumindak sawenang-wenang dhateng ingkang kaanggep alit, remeh, ringkih, asor lan ketingal sepele. Tumindak menika kasababaken panganggep bilih ingkang kaanggep alit, remeh, ringkih, asor lan ketingal sepele mesthi boten saged males dhateng piyambakipun. Kamangka, sejatosipun ingkang kaanggep alit, remeh, ringkih, asor lan ketingal sepele ugi titahipun Allah, rineksa dening Allah, dipun belani dening Allah.

Nanging menawi tiyang-tiyang sami sarujuk saged ugi tumindak sawenang-wenang dhateng tiyang ingkang boten alit, remeh, ringkih, asor utawi ketingal sepele, nadyan tiyang menika dados utusanipun Allah. Menika ingkang kelampahan dhateng Nabi Elia ingkang sampun rawuh malih. Ingkang dipun wastani Elia ingkang sampun rawuh malih menika ketingalipun Nabi Yokanan. Dhateng Nabi Yokanan menika tiyang-tiyang sami tumindak sawenang-wenang, temah panjenenganipun kalebetaken dhateng pakunjaran, malah wusananipun dipun sedani kanthi bengis.

Minggu-minggu Adven menika ngengetaken kita nyawisaken dhiri methuk rawuhipun Sang Kristus. Nyawisaken margi methuk rawuhipun Sang Kristus ingkang prayogi inggih menika srana boten tumindak sawenang-wenang, srana tumindak leres lan sae dhateng sedaya titahipun Allah. Sampun ngantos kita, piyambak-piyambak utawi sesarengan, nyengsarakaken tiyang sanes, ngrisak tetuwuhan, siti, toya lan sato kewan. Kosokwangsulipun, kita kedah dados berkah tumrap sedaya titahipun Allah. [st]

“Saben wong mesthi bakal ngundhuh wohing tumindake.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak