Waosan: Yakobus 3:13-18 I Pamuji: KPK 190
Nats: “Menawa kowe padha duwe rasa meri sarta mung mikir awakmu dhewe, kowe aja padha gumunggung, sarta aja goroh, iku nglawan kayekten.” (ayat 14)
Sampun lumrah menawi wonten ing dusun, tiyang nggadhahi ingon-ingon. Wonten ingkang ngingu ayam, menda, lembu lsp. Tiyang ingkang nggadhahi ingon-ingon, mesthi mbudidaya kadospundi supados saged dados kathah, temahan saged murugaken keuntungan ing tembe kangge piyambakipun.
Nanging, napa wonten tiyang ingkang nggadhahi ingon-ingon “goroh”? Istilah punika pancen boten umum, malah boten wonten saderengipun. Kados pundi kita saged kawastanan ngingu goroh? Tiyang ingkang goroh/ ngapusi punika mesthi badhe nutup-nutupi tumindakipun kanthi tumindak goroh malih. Mila tumindak goroh saged nglairaken tumindak goroh salajengipun.
Ing waosan kita, tiyang ingkang goroh punika saged krana nggadhahi raos meri sarta namung mikir awake dhewe. Nanging Kitab Suci paring pepeling bilih tumindak goroh punika sanes kawicaksanan saking ngaluhur, punika asalipun saking donya, saking manungsa, saking setan-setan, temahan ndadosaken tiyang nglawan kayekten (bdk. Ay 14-15).
Nanging, nalika kita sami ningali kawontenan gesang kita, punapa saestu kita sampun saged uwal saking tumindak goroh. Nalika kahanan boten ngremenaken, boten berpihak dhateng kita, mila kita badhe tumindak goroh. Sedaya tumindak ingkang awon, menawi saged, ugi badhe dipun lampahi. Conto ingkang gampil, kados kasusipun Ahok. Ing ngriku panjenengan saged mirsani bilih tiyang saged ngginakaken agami dalasan ayat-ayat suci, mila sampun kecalan aosipun, karana kangge nutup-nutupi tumindak ingkang awon. Tiyang sampun ngasoraken kapitadosanipun piyambak.
Kawicaksanan ingkang saking Gusti Allah punika ndadosaken tiyang tumindak jujur, boten nggadhahi raos kumeren lan boten mikir awake dhewe. Kawicaksanan ingkang saking Gusti Allah saged ngluwari kita saking raos lepat, saking tumindak dosa, saking pangawulan enggal, inggih punika ingon-ingon bab tumindak goroh. Mila, kawicaksanan saking Gusti Allah temahan saged murugaken tentrem rahayu, mila gesang kita saged dados berkah kangge tiyang kathah. (DK)
“Aja Goroh!”