Bacaan: 1 Korinta 9: 1-16 I Pamuji: KPJ. 441
Nats: „ ...Nanging aku padha ora migunakake wewenang mau. Balik aku malah padha mbetahake samubarang, supaya aja nganti ngalang-alangi pakabaraning Injile Sang Kristus.” (ayat 12)
Wonten panganggep bilih sok sintena ingkang leladi ing pasamuwan boten sae menawi ngajeng-ajeng pituwas. Panganggep menika kalandhesan pangertosan bilih sedaya ingkang dipuntindakaken kagem Gusti kedah katindakaken kanthi ikhlas tanpa ngajeng-ajeng pituwas material utawi non-material.
Panganggep menika boten klentu awit ing satengahing paladosan, ingkang utami inggih menika batos ingkang tulus ikhlas kebak ing kasetyan dhumateng ingkang dipunladosi. Senadyanta makaten, panganggep menika saged ugi dados klentu menawi ndadosaken pasamuwan boten paring kawigatosan dhumateng kabetahan lan wewenangipun para pelados.
Rasul Paulus ngadhepi perkawis ingkang gegayutan kaliyan wewenangipun minangka palados lan rasulipun Sang Kristus. Kerasulanipun Paulus pancen radi benten dipunbandhing rasul-rasul lintunipun. Rasul Paulus pepanggihan kaliyan Sang Kristus ing kahanan ingkang mirunggan, ing sawijining prastawa rohani nalika rasul Paulus saweg tumuju Damsyik kangge nganiaya para pandherekipun Gusti Yesus. Dene para rasul lintunipun pancen saben dinten tut wuri Gusti Yesus. Nadyan makaten, Paulus rumaos bilih kerasulanipun inggih sah. Mila Paulus ngajokaken pitakenan-pitakenan retoris (pitakenan ingkang wangsulanipun sampun cetha) gegayutan kaliyan wewenangipun. Miturut Rasul Paulus, sok sintena ingkang nyebar wiji kasukman ugi pantes ngeneni pametu kadagingan (bantuan finansial, dsb). Rasul Paulus rumaos nggadhahi wewenang panduman kadagingan awit pasamuwan Korinta menika tanda cap kerasulanipun Rasul Paulus. Sanandyanta makaten, Rasul Paulus dhawuh bilih wewenang menika namung sah dipunagem nalika wewenang menika boten dados alangan pakabaraning Injilipun Sang Kristus.
Sedaya tiyang ingkang leladi ing pasamuwan nggadhahi hak angsal panduman kadagingan. Nanging boten ateges paladosan katindakaken supados saged nggunakaken wewenang angsal panduman kadagingan. Ingkang langkung utami lan kedah dipunperdi dening para palados inggih menika saged nyebaraken kabar kabingahan (Injil) kagem sedaya makhluk. (Dn)
„…daging lan getih ora bisa tampa panduman Kratoning Allah.“ (I Kor. 15:50)