Youtuber Pancaran Air Hidup 19 September 2023

Waosan: Rum 14 : 13 – 15 : 2ǀ Pamuji: KPJ. 406:1
Nats: Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem-rahayu sarta suka-pirena marga dening Sang Roh Suci.” (Ayat 17)

Konten kreator punika tegesipun tiyang ingkang pandamelanipun ndamel konten, modalipun kreatifitas lan boten gagap teknologi, contonipun Youtuber. Ing jaman samangke, kathah tiyang ingkang dados Youtuber. Youtube sapunika saged dados sarana kangge kita pados lan nambah ilmu, konten punapa kemawon saged kita tingali sakwanci-wanci. Mila kathah tiyang ingkang remen ningali konten ing Youtube. Dados Youtuber punika ngasilaken, kathah lan sekedhikipun arta ingkang dipun tampi punika gumantung kaliyan konten ingkang dipun unggah lan subscriber. Ingkang dados prekawis gegayutan kaliyan youtuber, kathah konten ingkang dipun unggah punika tebih saking pranatan ingkang leres lan sumber informasi ingkang jelas. Kathah Youtuber ingkang ngawur nalika ndamel konten, judul lan gambar boten sami kaliyan isinipun, ingkang penting judul lan gambaripun menarik lan kathah penontonipun. Punapa malih ing jaman politik identitas, kathah sanget konten agama ingkang hoax, mukjijat palsu, pemanggih bilih agamaku langkung bener tinimbang agama tiyang sanes. Konten Youtube ingkang kedahipun saged dados paseksi bab kratoning Allah, nanging kasunyatanipun malah tebih saking nilai-nilai mesianik, sadaya krana cuan.

Waosan kita nyariosaken bab Kratoning Allah, tegesipun mujudaken kabeneran, tentrem rahayu lan sukabingah. Ananging bilih kita tingali saking Youtuber, kratoning Allah punika: kados pundi supados kita saged pikantuk arta kathah. Pramila Rasul Paulus ngengetaken kita bilih Kratoning Allah punika boten bab kasugihan, gumunggung, ngutamakaken kadonyan/ kajasmanen, ananging Kratoning Allah punika prekawis kabecikan, katentreman lan sukabingah (Ay. 17).

Lajeng punapa ingkang saged kita tindakaken? 1. Kita kedah saged nyaring konten-konten ingkang boten migunani. 2. Kita kedah wicaksana, kita milih konten ingkang positif lan mbangun iman kita, ingkang ndadosaken ayem tentreming manah. Jaman samangke kathah ingkang remen youtube, boten dados prekawis. Kratoning Allah saged dipun wartosaken lumantar youtube, kadosdene kawontenan channel Greja Kristen Jawi Wetan, ingkang tansah ngupadi mujudaken kratoning Allah lan ugi dados paseksi kangge jagad raya. Sumangga kita saged dados penonton ingkang wicaksana, boten namung mikiraken kadonyan, awit tanda kratoning Allah punika ngraosaken katentreman lan sukabingah. Amin. [dea].

“Bandha kadonyan mung sawetawis, Kratoning Allah ingkang langgeng”

 

Bagikan Entri Ini: