Mangun Pasedherekan Pancaran Air Hidup 19 Oktober 2025

19 October 2025

Waosan: Lukas 18 : 1 – 8  |  Pamuji: KPJ­­­­­­­­­­­­­­­­­­­­. 357
Nats: “Gusti Yesus paring pasemon marang para sakabate, kang wose supaya tansah padha ndedonga, aja nganti bosen.” (Ayat 1)

Mbok Tilèk, randha miskin ing salah satunggaling desa alit. Nalika piyambakipun dipun tindes, mboten wonten ingkang mbelani awit piyambakipun mboten nggadhah punapa-punapa. Piyambakipun ugi mboten nggadhahi panguwaos lan arta kangge nyewa pengacara. Piyambakipun tindak dhateng hakim ingkang tumindakipun kasuwur sawenang-wenang lan mboten peduli dhateng sinten kemawon. Nanging mbok Tilèk wau mboten purun nyerah. Saben dinten piyambakipun murugi hakim punika kangge matur, “Mugi panjenengan karsa mbela hak kula.” Hakim wau mboten ajrih dhateng Gusti Allah lan manungsa. Nanging, sinaosa mekaten, awit karana mbok Tilèk wau saben dinten dugeni piyambakipun, mboten kendel anggenipun nyenyuwun, pungkasanipun hakim punika purun mbiyantu. “Yen ora tak tulung, mesthi wong wadon iki ngganggu aku terus”, mekaten penggalihipun hakim punika. Pramila, piyambakipun maringi kaadilan ingkang pantes dhateng mbok Tilèk.

Ing waosan kita wau, Gusti Yesus ugi ngendika bab hakim ingkang tumindakipun sawenang-wenang, mboten kangge nggambaraken bilih Gusti Allah kados hakim punika, nanging kangge nedahaken bilih tiyang ingkang sregep ndedonga saged nuwuhaken wangsulan. Awit Sang Rama ing Swarga punika langkung sae lan kebak ing katresnan.

Ing salebeting sasi ekumene samangke, kita dipun engetaken bilih mangun pasedherekan sejati punika mbetahaken semangat kados dene randha wau, inggih punika: Kateguhan, kasetyan, lan sabar nalika ngadhepi prekawis ingkang mboten adil. Jagad samangke kados-kados kebak “hakim ingkang sawenang-wenang”, kadas ta: tiyang-tiyang ingkang mboten peduli dhateng sesami, dhateng tiyang ingkang katindes, namung mikir kapentinganipun piyambak, remen nindhes sesami, lsp. Nanging minangka tiyang pitados, kita dipun timbali supados terus ngupadi mujudaken kaadilan lan ndadosaken pasedherekan punika minangka budaya, mboten karana jagad punika sampun sae, nanging karana sihipun Gusti ingkang ndadosaken kita saged terus nresnani tanpa bosen. Ndadosaken pasedherekan ingkang sejati minangka budaya punika ateges kita mboten nyerah nalika katresnan kita mboten dipun tampi. Sregep ndedonga lan tumindak tresna ateges kita pitados bilih Gusti ingkang adil badhe mujudaken kayekten-Ipun ing titiwancin-Ipun. Amin. [nn].

“Pasedherekan kang sejati miyos saking manah ingkang mboten nate sayah nresnani lan asta ingkang mboten kèndel ndedonga.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak