Waosan: Lelakone Para Rasul 2 : 14 – 24 | Pamuji: KPJ. 192 : 1, 2
Nats: “Anadene saben wong kang nyebut asmaning Pangeran iku bakal kapitulungan rahayu.” (Ayat 21)
Saben dinten Minggu, nalika kita ngabekti dhumateng Gusti ing greja, kita tamtu mirengaken khotbah saking Pendita, Guru Injil, Pinisepuh lan Dhiaken. Khotbah punika pidato lisan ingkang isinipun medharaken sabda-Nipun Gusti saking Kitab Suci. Salebeting khotbah, para pelados sabda punika paring piwulang, panuntun, lan pepeling dhateng umat supados gesangipun umat mbangun turut dhateng karsanipun Gusti. Khotbah punika kedah cetha, gampang dipun enget, saged dipun raosaken lan saged dipun tindakaken ing satengah-tengahing gesang padintenan. Awit saking punika, para pelados sabda ingkang badhe ngladosi kedah cecawis rumiyin saderengipun ngladosi lan khotbah dhateng umat.
Waosan kita dinten punika nyariosaken khotbahipun Petrus. Sasampunipun nampi Roh Suci ing dinten Pentekosta, Petrus kaliyan para rasul jumeneng ing sangajengipun tiyang-tiyang Yahudi lan tiyang-tiyang Yerusalem sanesipun. Ing khotbahipun, Petrus nyekseni Gusti Yesus punika Juru Wilujengipun manungsa. Saben tiyang ingkang pitados lan ndherek Gusti Yesus, piyambakipun badhe kaparingan kawilujengan. Saking khotbah punika, 3.000 tiyang ingkang mirengaken sami pitados dhumateng Gusti Yesus lan dipun baptis. Saking khotbah Petrus punika, kita mangertos Gusti Allah tansah makarya ing donya. Lumantar Roh Suci, para rasul sami nglajengaken pakaryanipun Gusti Yesus. Injil suci kedah kawartosaken, kabar kabingahan lan kawilujengan saking Gusti Yesus kedah kasebaraken dhateng sedaya umat.
Wonten ingkang mastani khotbah punika kados “pedang bermata dua”, ingkang tegesipun khotbah punika nusuk dhateng manahipun umat ugi nusuk dhateng manahipun pelados sabda piyambak. Pramila mboten gampil tiyang punika khotbah, mboten saben tiyang punika wantun khotbah, amargi tiyang khotbah punika medharaken Pangandikanipun Gusti, ing pundi piyambakipun kedah nindakaken Pangandikanipun Gusti punika langkung rumiyin, saderengipun khotbah dhateng umat. Sampun ngantos “gajah diblangkoni, iso khotbah ora iso nglakoni.” Mila saking punika, sumangga kita purun sinau saking rasul Petrus lan para rasul sanesipun, kita nyuwun panuntun, kakiyatan, lan pepadhang saking Gusti, supados punapa ingkang dados khotbah utawi pangucap kita dhateng sesami, saestu saged dados berkah lan mbangun pigesangan kita lan tiyang sanes. Mugi Sang Roh Suci tansah nunggil lan paring kawicaksanan dhateng kita kangge medharaken Pangandikanipun Gusti. Amin. [AR].
“Pangucap ingkang mbangun pasamuwan punika tuwuh saking Sang Roh Suci.”