Waosan: Yesaya 56 : 9 – 12 | Pamuji: KPJ. 350 : 1,2
Nats: “Awit para kang ngawat-awati umatingSun iku wong wuta, kabeh padha ora ngreti apa-apa; kabeh iku asu bisu, kang ora bisa njegug; padha keklemprakan kalawan ngalamun sarta mung padha seneng turu bae, …” (Ayat 10)
Salah satunggaling ciri manungsa dewasa, inggih punika nggadahi tanggel jawab lan saged dipun tuntut tanggel jawab saking sadaya tumindak gesangipun. Sadaya tiyang dewasa nggadahi tanggel jawab, paling mboten tanggel jawab tumrap dhirinipun piyambak. Manungsa ingkang mboten nindakaken tanggel jawabipun tamtu bakal kecalan “kepercayaan” saking tiyang sanes.
Waosan kita ing Yesaya 56:9-12 punika mratelakaken kahananipun bangsa Israel ingkang dipun pimpin kaliyan pemimpin ingkang mboten tanggeljawab. Gusti ngantos nyebut pemimpin punika “asu bisu kang ora bisa njegug lan senenganipun turu bae” (Ay. 10). Pemimpin ingkang kados mekaten tamtu mboten saged ngreksa lan ngrimati para umat Israel. Punapa malih pemimpin punika namung mburu kauntunganipun piyambak (Ay. 11), ingkang ndadosaken bangsa Israel ngraosaken kasangsaran. Perikop kita punika minangka perangan bab tumurunipun karahayon kagem bangsa Israel. Gusti Allah paring dhawuh dhateng Yesaya supados sadaya pemimpin ingkang mboten tanggeljawab samia mratobat lan nglampahi sadaya ingkang cunduk kaliyan karsanipun Gusti. Karana pemimpin ingkang mboten tanggel jawab punika saged dados “batu sandungan” kangge tiyang sanes, awit piyambakipun namung mikir kangge dhirinipun pribadi.
Raos tanggel jawab punika dados bab ingkang wigati kangge sadaya tiyang. Sumangga kita miwiti tanggel jawab punika saking dhiri kita pribadi. Tanggel jawab bab kesehatan kita, bab pandamelan kita, bab brayat kita ugi sadaya ingkang kita tindakaken ing gesang punika. Asring tiyang ingkang mboten tanggel jawab punika nggadhahi masalah mental, karana kahanan ingkang awrat lan kebak momotan. Mangga kita tansah nyuwun kakiyatan lan kasagedan dhumateng Gusti Allah, supados Gusti Allah mberkahi kita maringi kasagedan dhateng kita sadaya dados tiyang ingkang tanggeljawab ing bab punapa kemawon ingkang kita lampahi. Amin. [Kuh.C]
“Tanggeljawab punika minangka pondasi karakter dhiri pribadi ingkang sae”