Waosan : Lelakone Para Rasul 5 : 17 – 26 | Pamuji : KPJ. 346A : 1, 2
Nats: “ … Padha menyanga ing Padaleman Suci, ngadega lan nggelarna sakabehe pangandikaning urip iku marang wong akeh.” (Ay. 20)
“Lho bu kalawingi kok mboten ngladosi pangabekti patuwen brayat?” atur salah satunggal pinisepuh pasamuwan. “Oalah… percuma kula ngladosi ing pasamuwan pak, awit kathah tiyang ingkang mboten remen kaliyan kula, kula ajrih mangke menawi kula ngladosi malah ndadosaken kula dosa awit tuwuh raos mangkel lan ugi kepengker kula nggih radi repot” Mbok bilih prekawis ingkang mekaten punika asring dipunsipati ing gesang peladosan – kathah tiyang ingkang semplah lan nglokro karana peladosan ingkang kawujudaken punika dipuntampik dening tiyang lan ugi kathah tiyang ingkang mapanaken peladosan dados bab ingkang mboten wigati.
Benten kaliyan punapa ingkang dipunlampahi dening para Rasul. Peladosan ingkang dipunwujudaken dening para Rasul ugi nuwuhaken raos mangkel saking para imam, mliginipun golongan Saduki. Piwucal lan peladosan saking para Rasul ingkang dipuntampi dening tiyang kathah ndadosaken para imam, mligi golongan Saduki tuwuh raos meri – pramila para Rasul dipuncepeng lan dipunlebetaken ing pakunjaran. Wonten ing salebeting pakunjaran, Gusti mboten negaaken para Rasul. Lumantar Malaikatipun, Gusti Allah paring pangluwaran lan ngatag sarta ngutus para Rasul martosaken sabda suci dumateng sedaya tiyang.
Mbok bilih bab punika dados prekawis ingkang mokal, nalika para Rasul badhe dipunpasrahaken dhateng “Mahkamah Agama”, para Rasul sampun mboten wonten ing salebeting pakunjaran sanadyan sampun katutup rapet kanthi gembok sarta dipunjagi kaliyan para prajurit. Bab punika ndadosaken geger, mliginipun ing penggalihipun para imam lan para panguwaos ingkang kepengen ngadili para Rasul. Tamtunipun lumantar cariyos punika estu nedahaken bilih pakaryaning Gusti Allah punika kababar sanyata tumraping abdinipun ingkang kanthi setya mujudaken peladosan!
Lajeng kados pundi ingkang kalampahan ing sadhengah peladosan kita? Punapa saestu timbalan lelados punika dipunwujudaken kanthi setya-tuhu kalandhesan ajrih-asih dhumateng Gusti? Asring bab lelados punika dados bab ingkang mboten wigati. Asring peladosan punika dipunwujudaken nalika kita, ditampi, sempat, wonten wektu, lan boten kesel. Menawi punika ingkang kalampahan, punapa pantes kita kasebat rowang mitraning Gusti? (gus)
“Lelados ing sauruting gesang punika bab ingkang mbingahaken”