Waosan: Jabur 15 : 1 – 5 | Pamuji: KPJ. 416
Nats: “Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kepareng mondhok wonten ing tarub Paduka?” Yaiku wong kang lakune tanpa cacad lan nindakake apa kang adil, apadene ngucapake kabeneran kanthi gumolonging atine.” (Ayat 1-2)
Kaca Benggala punika kaca pangilon ingkang agengipun sapengadeg manungsa. Ing salebeting kisah Ramayana, Kaca Benggala dados salah satunggalipun pusaka Rahwana, ingkang dipun agem dening putra Anoman kagem mangsulaken sorot mripatipun anak Dasamuka, mengsahipun. Kaca Benggala dados pusaka tameng ingkang saged mangsulaken serangan lawan ngantos gugur awit sorot mripatipun piyambak. Kaca Benggala ugi dados tembung sanepan ingkang ngajak kita sami purun niti priksa pigesangan kita piyambak. Sarana ningali badan kita piyambak ing sangajengipun Kaca Benggala, kita saged ningali kahanan badan kita lajeng miji perangan pundi ingkang kirang sae, rapi, lan sampurna.
Jabur 15 punika prasasat kados Kaca Benggala ingkang ngemu pitakenan, “Punapa sami sampun rumaos pantes sowan ing ngarsanipun Gusti?” Pitakenan ingkang kaparingaken punika dados kaca pangilon ingkang miji lelampahan tiyang pitados wonten ngarsanipun Gusti Allah. Wonten tiga prekawis ingkang dipun wedhar dening Prabu Dawud supados tiyang pitados saged sowan lan nampi kawilujengan wonten ngarsanipun Gusti. Sepisan, tiyang pitados kedah temen-temen nggadhahi kualitas moral ingkang tanpa cacad (Ay. 2). Kaping kalih, tiyang pitados kedah njejegaken raos adil lan mboten mundhut untung saking pihak ingkang asor (Ay. 2, 3, 5). Kaadilan dados wujud nyata raos katresnan ingkang sampun Gusti paringaken. Kaping tiga, tiyang pitados kedhah jujur ing pitembungan tanpa syarat lan ngagem tutukipun kangge mbangun tiyang sanes, mboten malah ndadosaken semplah (Ay. 2, 3). Ingkang dados pangenget tugas timbalan tiyang pitados supados mbangun sesami mawi tetembungan ingkang jujur.
Para sesepuh kita, warga adi yuswa tamtu asring ngaturaken pitakenan kados mekaten ing wekdal longgaripun. Wangsulanipun saged mawerni-warni, wonten ingkang yakin, wonten ugi ingkang mangu-mangu. Nanging, mangga kita sami sinau saking Prabu Dawud ingkang purun ngaca lan bebener dhiri awit saged nampi standar gesang luhur, adil, lan jujur mbangun sesami. Bilih sampun dados tiyang pitados, mangga kita ugi gesang laras kaliyan karsanipun Gusti. Amin. [Jarwi].
“Kaca Benggala dados sarana ngemudhi diri manut karsanipun Gusti.”