Ingkang Paring Kasaenan Pancaran Air Hidup 19 Juli 2022

19 July 2022

Waosan: 1 Yokanan 2 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 99
Nats:
“He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.” (Ayat 1)

Ing taun-taun ingkang kemlampahan punika, salah satunggaling bab ingkang dipun gatosaken lan dipun sengkuyung dening warganing bangsa Indonesia inggih punika bab pengesahan Rancangan Undang-undang Penghapusan Kekerasan Seksual (RUU PKS). Undang-undang punika saged dados landesan paukuman kangge para pelaku kekerasan seksual. Kathah pro lan kontra saking warga masyarakat, ananging ingkang kedhah dipun apresiasi kawontenan RUU PKS punika kangge nuwuhaken kasaenan dhateng gesangipun tiyang kathah, supados laku kekerasan seksual punika saged dipun tumpes. Undang-undang punika sajatosipun namung sarana kangge mbiyantu, menawi warga masyarakat piyambak boten purun sangkul sinangkul numpes tumindhak ala punika, prekawis kekerasan seksual badhe tetep kelampahan.

Sedaya angger-angger, tuntunan, lan printahipun Gusti Allah punika sampun kababar kanthi sae supados saben tiyang pitados boten gampil dhawah ing dosa. Ing kasunyatanipun kathah tiyang ingkang boten nggagas dhawuhipun Gusti punika. Kathah tiyang tumindhak miturut pikajengipun piyambak, purun mirengaken pangandikanipun Gusti, ingkang sarujuk kaliyan pikajengipun piyambak. Pramila ing waosan kita dinten punika, Sabdanipun Gusti bab pangapuntening dosa punika dipun aturaken supados wargaming pasamuwan boten tumindhak dosa. Sampun ngantos tiyang punika nggadahi pemanggih ingkang klentu, bilih piyambakipun boten punapa-punapa tumindhak dosa, awit wonten Gusti Yesus ingkang paring pangluwaran saking dosa.

Ingkang kedhah dados pangaken kita sedaya, cara anggenipun Gusti mberkahi umatipun punika benten kaliyan pemanggih klentu kalawau. Gusti Allah paring panuntun lan pangrimatan kangge sedaya umatipun ingkang kanthi gumolonging manah purun mratobat dhumateng Panjenenganipun. Tiyang pitados ingkang jujur lan ngakeni sedaya kalepatanipun. Sinten ingkang kasebat tiyang pitados? Inggih punika kita ingkang purun ngakeni kamulyanipun Gusti Yesus, pitados bilih Gusti Yesus punika Juru wilujeng ingkang sejati, lan nuladhani punapa ingkang dipun tindakaken Gusti Yesus sauruting gesang kita. Gusti mberkahi. Amin. [dvd] 

Sabdanipun Gusti punika nuwuhaken kasaenan kangge kita”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak