Waosan: Yeremia 10: 1-16 I Pamuji: KPJ. 19
Nats: „Brahala iku kayadene wong-wongan ing ing kebon timun, ora bisa guneman, kudu dijunjung ing wong, amarga ora bisa lumaku. Aja kokwedeni, amarga brahala iku ora bisa manggawe ala lan gawe becik iya ora bisa.“ (ayat 5)
Kacarita ing salah satunggaling negari komunis, para lare dipunprentah mungel nyuwun roti dhateng Gusti Allah. Sanadyan sampun sora mungelipun, roti boten saged kasedya ing ngajengipun. Nanging nalika para lare mungel nyuwun roti dhumateng panguwaos negari komunis, roti saged langsung dipuncepakaken ing ngajengipun para lare kala wau. Mila para lare pitados namung dhateng panguwaos negari, sanes dhateng Gusti Allah. Cariyos kala wau nedahaken bilih prekawis ingkang nyata saged dipunpirsani lan dipunalami nggadhahi daya ageng kangge nuwuhaken kapitadosan. Menawi boten wonten bukti nyata lan saged dipunpirsani, mila badhe ewed anggenipun pitados.
Ing gesangipun, bangsa Israel sampun ngalami kathah prekawis ingkang nedahaken iba agenging katresnanipun Gusti Allah. Sanadyanta makaten, bangsa Israel taksih boten saged pitados satus persen. Bangsa Israel malah makaping-kaping boten setya lan mengo dhateng brahala. Menawi dipunbandhingaken kaliyan Gusti Allah, pancen brahala langkung nyata. Brahala saged dipuntingali, dipuncepeng, dipunpanggihi saben wekdal. Dene Gusti Allah boten saged dipuntingali lan dipunpanggihi kanthi sembranan.
Nanging sinten ta Gusti Allah menika lan sinten brahala menika? Nabi Yeremia paring dhawuh dhumateng tiyang Israel kanthi bandhingaken brahala kaliyan Gusti Allah. Brahala menika namung garapanipun manungsa lan boten nggadhahi kuwaos menapa-menapa. Dene Gusti Allah menika ingkang nitahaken manungsa lan jagad. Panguwaosipun ngedab-edabi. Mendah emanipun menawi manungsa nilar Gusti Allah lan kapilut dening brahala ingkang sejatosipun boten nggadhahi kuwaos napa-napa dhateng gesangipun manungsa.
Ing gesang kita kathah brahala ingkang saged ndadosaken kita mengo saking Gusti Allah. Sae menika awujud manungsa, barang darbe, kapinteran, kalenggahan, lsp. Menapa kita badhe mengo saking Gusti Allah krana sedaya brahala menika? Batos kita piyambak-piyambak ingkang saged paring wangsulan. (dn)
„Pasrahna atimu marang katresnane Gusti Allah. Dudu marang brahala.“