Waosan : Yokanan 1 : 29 – 42 | Pamuji : KPJ. 421 : 1 – 3
Nats: “…Delengen iku Cempéning Allah kang ngilangi dosané jagad…” (Ay. 29)
Piwucaling sedaya agami ing Indonesia, tamtu mratelakaken bab pungkasining gesang ing donya punika badhe kalajengaken pigesangan ing alam akherat. Sanadyan tetelaning margi tumuju akherat piwucaling agami setunggal lan setunggalipun wonten bentenipun. Agami Islam paring piwucal dumateng pandherekipun bilih lampahing gesang ingkang sae lan amal ingkang kathah nglangkungi pendamel ala ing donya, punika margi tumuju Swarga. Agami Budha paring piwucal supados saged moksa kados dene Sang Budha, manungsa gesang ing wolu margi samsara. Agami Kristen paring piwucal bilih margi kawilujengan punika namun saking pakaryan sih katresnaning Allah ing Gusti Yesus Kristus.
Bangsa Israel kalebet bangsa kang pitados dumateng pakaryan sih katresnaning Allah. Wiwit mulabukanipun bangsa ngantos lumebet ing tanah prajanji, pakaryan sih katresnaning Allah tansah nyata ing margi gesangipun bangsa punika. Nanging sesampunipun Kratoning Prabu Salomo congkrah dados kalih, ngantos dumugi rawuhipun Gusti Yesus, bangsa Israel tansah ngantos-antos rawuhipun Sang Mesias ingkang saged mangsulaken malih kaluhuraning bangsa kados jaman Prabu Salomo. Milanipun pakaryan sih katresnanipun Allah miyos Gusti Yesus, dene Nabi Yokanan sampun ditelakaken kados ayat 29 ing waosan dinten punika, kedahipun saged dipuntetepi bilih Yesus Kristus punika Sang Mesias ingkang dipunrantos punika. Kasunyatanipun boten mekaten. Gusti Yesus boten saged dipuntampi minangka Sang Mesias dening sakathahing bangsa Israel.
Senadyan namung bab benten pamanggih bab wujuding pakaryan sih katresnaning Allah, margine bebener lan kauripan, waosan dinten punika paring tetela dumateng kita pandherekipun Gusti Yesus, bilih Cempening Allah kang ngicali dosane jagad punika inggih namung Yesus Kristus, minangka wujuding pakaryan sih katresananing Allah kang satuhu. (tes).
“Uripku pindha pangidung, sumaos mring Pangeran”