Namung Mburu Untung Pancaran Air Hidup 19 Februari 2025

19 February 2025

Waosan: Yeremia 22 : 11 – 17  |  Pamuji: KPJ. 298
Nats: “Nanging mripat lan atinira mung ngarah marang kauntungan, ngwutahake getihe wong kang ora luput, sarta nindakake pameres lan panganiaya.” (Ayat 17)

Tamtunipun kita asring mireng tembung paribasan: “Time is money.” Tembung punika bilih dipun artosaken ing basa Jawi dados: wekdal punika arta. Kita mboten mangertosi punapa ingkang estu-estu dados paneges saking tembung paribasan punika. Sawetawis tiyang nggadhahi pemanggih bilih wekdal ingkang dipun lampahi punika berkah ingkang saestu aji, ingkang kedah dipun regani. Ananging inggih wonten tiyang sanesipun ingkang kanthi adedhasar tembung paribasan kalawau lajeng sami ngetang wekdal-wekdal ingkang dipun paringaken kangge tiyang sanes ngginakaken etangan arta. Nalika dipun suwuni tulung kaliyan sedherek, brayat, tetanggi, utawi grejanipun, sadaya dipun etang ngangge arta. Piyambakipun badhe untung punapa rugi? Tiyang-tiyang ingkang kados mekaten kalawau saged dipun wastani tiyang ingkang “mata duwiten”, punapa-punapa kemawon purun tandhang bilih saged mbeta kauntungan tumrap piyambakipun.

Prabu Yoyakim dipun engetaken kaliyan Gusti lumantar Nabi Yeremia karana piyambakipun nindhakaken prekawis-prekawis ingkang mboten nyondhongi kaliyan karsanipun Gusti, inggih punika tumindak daksiya kangge mburu hawa nepsunipun piyambak. “Nanging mripat lan atinira mung ngarah marang kauntungan, ngwutahake getihe wong kang ora luput, sarta nindakake pameres lan panganiaya…” (Ayat 17a).

Saking carios punika kita dipun ajak supados kita purun niti priksa gesang kita piyambak-piyambak, punapa kita sampun dados pandherekipun Gusti ingkang purun andum berkah dhateng sesami ngginakaken punapa ingkang kita gadhahi? Bilih sampun kita kedah saos sokur karana kita sadar bilih sadaya barang darbe kagungan kita punika pinangkanipun saking Gusti. Bilih dereng awit kita taksih asring pitungan, etang kauntungan kita pribadi, swawi kita sadar lan mratobat. Gesang punika sejatosipun mboten namung kangge mburu bandha kadonyan lan ngetang kauntungan saking tumindak kita. Mangga kita enget bilih gesang punika mboten namung kangge mburu untung lan bandha kadonyan kemawon, nanging gesang ingkang ngraosaken ayem tentrem lan dados berkah kangge tiyang sanes. Amin. [YEP].

“Ora perlu itung-itungan anggen tetulung, awit mangkana uga anggen Gusti numrahaken berkah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak