Padha Ngupayaa Kawicaksanan, Kawruh lan Kapinteran Renungan Harian 19 Februari 2020

19 February 2020

Waosan : Wulang Bebasan 2 : 1 – 15  |      Pamuji :  KPJ. 390 : 5
Nats:
“Awitdene Sang Yehuwah kang paring kawicaksanan, saka ing lesane miyos kawruh lan kapinteran”(Ay. 6)

Wonten unen-unen wong pinter durung mesthi wicaksana, wong wicaksana mesthi pinter. Kanthi mekaten sejatosipun kaangkah supados ing salebeting mangun gesang sesarengan tiyang menika boten cekap namung pinter, ananging kedah wicaksana. Lan wicaksana ing ngriki ingkang dipun kersakaken inggih menika Sophia, kawicaksanan ingkang pinangkanipun saking Gusti Allah.

Namung srana nyimpen pangandikanipun Allah wonten ing manah kita, kita saged sinau gesang kanthi wicaksana lan leres ing selabeting sesambetan kita kaliyan Gusti Allah (ay. 5). Kita saged ngawonaken dosa kanthi prentah-prentahipun Gusti Allah ing salebeting manah kita (Jabur 119:11) lan pangandikanipun Sang Kristus ingkang dedalem ing salebeting diri kita (Yok. 15:7; Yak. 1:21). Karana menika kita kedah nyuwun dipun paringi pangertosan (ay. 3a). Nyinau Pangandikanipun Gusti Allah kedah kinantenan dedonga ingkang temen lan ngganter sarta estu-estu sesambat nyuwun kawicaksanan lan pangertosan. Awit, sinau kemawon bokmenawi dadosaken kita sarjana Kitab Suci, ananging nyinau Pangandikanipun Allah kinantenan dedonga, maringi wewengan dateng Roh Suci paring kawicaksanan, kawruh lan kapinteran badhe ngribah kita dados manungsa rohani (ay 5-7).

Nalika kawicaksanan lan kapinteran lumebat ing manah kita – inggih menika motivasi, pepenginan, lan penggalih/manah – tamtu badhe nuwuhaken gesang ingkang endah. Kangge nggayuh bab menika, Rohing Kaleresan kedah makarya ing salebeting jiwa kita (Yok. 16:13-14), matemah sedaya prentah lan margining Allah dados kareman kita (Jabur 119:47-48). Kawicaksanan badhe ngopeni kita, kapinteran  badhe rumeksa dateng kita (Ay. 11). Kanthi mekaten kita badhe mangertos bab kaleresan, kaadilan lan kajujuran, malah sedaya margi ingkang sae (Ay. 9, 12-15), dados tiyang ingkang setya, ingkang tansah rineksa dening Gusti Allah (ay. 8). Sedaya menika ingkang badhe nuntun kita dateng gesang suci. Amin (SS).

“Payo padha ngupaya kawicaksananing urip kang nentremna jiwa raga”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak