Waosan: Lelakone Para Rasul 3 : 17 – 4 : 4 | Pamuji: KPJ. 408 : 3, 4
Nats: “Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten.” (Ayat 19)
“Prakanca padha elinga! Urip ning donya tan langgeng, kaya kembang suket ing ara-ara.
Sedhela mekar endah, sedhela maneh alum. Wusana garing tanpa guna.
Dhelengen jagade, akeh bencana. Pratandha wus cedhak rawuhe.
Padha mratobata, Gusti margane! Kaswargan, kamulyan cumawis mring kowe.”
Pepujen punika ngengetaken kita bilih gesang kita punika wonten ing mangsa ngrantos rawuhipun Gusti. Ing mangsa Adven punika, kita kaengetaken bilih gesang punika kedah dipun lampahi kanthi kawaspadan. Sampun ngantos kita keli ing ombyaking donya ingkang ndawahaken kita dhateng piawon saha njalari pati. Awit sengseming jagad saged dados panggoda kangge saben tiyang. Sinten ingkang boten waspada lan jumagi saged dawah. Kamangka kaendahaning jagad punika boten langgeng.
Rasul Petrus nedahaken katresnaning Allah ingkang karsa paring kesempatan dhateng para tiyang Yahudi kangge nelangsani dosanipun lan mratobat. Rasul Petrus mangertos bilih pambalela ingkang njalari sedhanipun Yesus katindakaken dening tiyang Yahudi awit kirangipun pangertosan tiyang-tiyang punika. Kadosdene pamecaning para nabi, lumantar rancangan bilai ingkang dipun tindakaken tiyang-tiyang punika, pakaryan kawilujenganipun Allah kababar. Ewasemanten, piawon punika boten saged kaleresaken. Ananging nalika tiyang-tiyang punika mratobat, tamtu badhe kaparingan pangapuntening dosa. Gusti saestu boten karenan umatipun nampi bebendu awit saking dosa durakanipun. Nanging Gusti ngarsakaken supados saben tiyang nampi kawilujengan. Sih rahmat punika mbetahaken tekading umat nilar piawonipun lan wangsul ing margining kayekten.
Mangsa Adven punika kedah kita lampahi kanthi mawas dhiri, niti priksa lelampahan gesang kita lan mratobat. Pitobat ingkang satuhu kawiwitan saking raos getun awit dosa duraka ingkang kita lampahi. Salajengipun kita tetekad wangsul dhateng Gusti, mlebet ing gesang enggal ingkang katuntun dening karsa-Nipun. Tetalesing pamratobat inggih punika katresnan saha kamirahaning Allah piyambak. Kabingahaning tiyang ingkang piawonipun kaapunten inggih punika nalika kawilujengan saking Gusti kalampahan kanthi sampurna ing kalanggengan. Pramila, sauger taksih kaparingan wekdal, sumangga kita ginakaken kesempatan punika kangge nggayuh lampah gesang ing salebeting pamratobat satuhu. Amin. [wdp].
“Piawon ndhatengaken bebendu, nanging pamratobat satuhu nuwuhaken pangajeng-ajeng ing sih rahmating Gusti.”