Waosan: Lukas 1 : 39 – 45 ǀ Pamuji: KPJ. 195 : 1, 2
Nats: “… sarta kalawan sora calathu: “Kowe iku binarkahan ana ing antarane wong wadon kabeh, apamaneh binarkahana wohing kandutanmu.” (Ayat 42).
Wonten tiga ukara ingkang saged dipun wastani ukara ingkang wigati salebeting gesang, inggih punika: tulung, matur nuwun, lan ngapunten. Ukara “tulung” punika kaucapaken bilih kita mbetahaken pitulungan saking tiyang sanes awit kita boten saged ngayahi pandamelan kita punika piyambak. “Kula nyuwun tulung bapak ibu saged damping para putranipun nalika sinau!” Ukara “matur nuwun” kaucapaken nalika kita nampi peparing saking tiyang sanes, saged punika arupi hadiah, bantuan materi, lan sanesipun. “Kula matur nuwun sanget dhumateng bapa ibu ingkang sampun kersa dampingi para putranipun sinau.” Ukara “ngapunten” kaucapaken nalika kita lepat, kita enggal-enggal nyuwun pangapunten supados kita boten damel semplahing manah, kuciwa, lan kaprihatosan sederek kita. “Kula nyuwun ngapunten sampun lepat, bilih kula taksih dereng saged didik para putra bapak ibu kanthi sae.”
Waosan kita dinten punika nyariosaken pepanggihanipun Maryam lan Elisabet. Nalika Maryam badhe lumebet ing griyanipun Elisabet lan atur uluk salam dhateng Elisabet, Elisabet ingkang mireng salam punika ngraosaken bayi ingkang wonten kandunganipun nggronjal saha piyambakipun kapenuhan ing Roh Suci. Selajengipun Elisabet atur pangucap berkah dhateng Maryam kados ing ayat nats. Wonten pangucapipun Elisabet punika, piyambakipun ngakeni rawuhipun Gusti Yesus ingkang dipun kandut Maryam punika saestu beta kabingahan kangge piyambakipun. Elisabet pitados dhumateng Gusti Allah, karana sedaya ingkang dipun pangandikaaken dhateng piyambakipun saestu kelampahan.
Kados Elisabet ingkang atur pangucap berkah nalika nyambeti Gusti Yesus ingkang wonten kandunganipun Maryam, mekatena ugi kangge kita. Ing minggu Adven punika, mangga kita sami nyawisaken gesang kita, kangge nyambeti dinten rawuhipun Gusti Yesus. Caranipun: Kita tansah atur pangucap berkah salebeting gesang kita. Kita tansah ngucapaken pitembungan ingkang sae, ingkang ngiyataken sederek sanes, lan ingkang dadosaken kabingahan tiyang sanes. Kita ugi njagi pangucap kita saking pangucap awon, fitnah, lan apus-apus. Mangga kita mangun pangucap berkah, pangucap ingkang endah, lan pengucap ingkang dadosaken tentrem rahayuning gesang kita sesarengan. Amin. (AR).
“Pangucap ingkang sae nuwuhaken berkah, pangucap ingkang awon nuwuhaken pasulayan.”