Waosan: Purwaning Dumadi 43 : 1 – 15 | Pamuji: KPJ. 441
Nats: “Adhimu ajaken, endang enggal padha mangkata, balia marang ing ngarsane panggedhe iku! (Ayat 13)
Tamtu kita sami apal lagu “Balonku”. Lagu balonku punika mucal bab warna lan itung-itungan dhateng anak-anak. Nanging bilih kita tliti, lagu punika ugi ngemu pasemon bab manungsa ingkang mboten purun kecalan. Mbledhosipun balon Ijo punika prekawis ingkang mboten saged dipun selaki, ndadosaken kaget lan sedhih. Wusanipun sekawan balon sanesipun dipun eman-eman kanthi sanget. Nanging kados pundi bilih barang utawi prekawis ingkang kita eman-eman punika dipun kersaken Gusti utawi dipun suwun kangge kabetahan gesang brayat, pasamuwan, lan masyarakat, punapa kita taksih gandholi?
Bilih kita dados Rama Yakub ingkang karan Israel, tamtu kita ugi badhe nggandholi putra kinasih, Benyamin kekesahan dhateng Mesir kangge nempur gandum. Rama Yakub taksih ngraosaken getun ingkang sanget awit sampun kecalan Yusuf. Nanging kanthi tujuan ingkang langkung ageng lan sae, inggih punika murih brayatipun lestari, Rama Yakub nglilakaken Benyamin ndherek nempur gandum. Rama Yakub namung saged ndedonga lan pasrah wonten ing ngarsanipun Gusti, nyuwun supados para putra saged wangsul kanthi jangkep lan mbekta gandum. Piyambakipun ugi siyap bilih badhe kecalan putra malih. Kabetahan brayat ingkang langkung ageng lan wigati ngawonaken ajrihing manah Rama Yakub pribadi. Rama Yakub kedhah saged nampi kahanan, ngawonaken ego, murih saged ngupadi gesang brayat agengipun. Wusana dhawuh, “Adhimu ajaken, endang enggal padha mangkata, balia marang ing ngarsane panggedhe iku! (Ay. 9).
Ing pasamuwan, wonten prekawis-prekawis ingkang kedhah dipun sengkuyung sesarengan dening warga pasamuwan. Ing sawetawis wekdal, warga pasamuwan kedhah saged ngudhari raos eman-eman lan sami andum berkat murih lelampahan wangune pasamuwan. Kados Rama Yakub ingkang kedhah nglilakaken sang putra kinasih, Benyamin kekesahan dhateng Mesir, murih saged nempur gandum. Mangga kita minangka warga pasamuwan purun sinau ngolah raos kecalan lan eman-eman tumrap barang ingkang remeni, supados saged dados berkah tumrap prekawis ingkang langkung luhur lan saged dipun raosaken manfaatipun ing gesang pasamuwan. Mangga kita pitados, bilih Gusti sampun nyawisaken ingkang adi tumrap pigesangan kita. Amin. [Jarwi].
“Wanguning pasamuwan sinengkuyung ing warganipun ingkang sami ngaturaken kanthi legawa.”