Waosan: Mateus 14 : 34 – 36 ǀ Pamuji: KPJ 441
Nats: “Wong-wong banjur padha ngirid sakehing wong lara, kasowanake ing ngarsane …” (Ayat 35)
Wonten pitakenan ingkang mekaten: “Sinten ta bapak Joko Widodo punika?” Tamtu wangsulan kita, piyantun saking solo, ingkang nate njabat Walikota Solo, Gubernur DKI Jakarta, lan samangke dados Presiden RI. Bapak Joko Widodo punika dados Presiden wiwit saking taun 2014 ngantos 2024. Masyarakat Indonesia lan para pimpinan negara ing donya punika tepang kaliyan Panjenenganipun. Tegesipun Bapak Joko Widodo punika Presiden ingkang misuwur ing Indonesia lan ing donya. Panjenenganipun misuwur karana tugas lan tanggeljawabipun dados pemimpin punika saged dipun lampahi kanthi sae, ngupadi mujudaken kabeneran, kaadilan, lan tentrem rahayu kangge sadaya masyarakatipun.
Salah satunggiling dampak positif dados pribadi ingkang misuwur punika, kathah sanget pandherekipun, kadosdene Gusti Yesus. Kacariosaken nalika Gusti Yesus tindak wonten ing tanah Genesaret, tiyang kathah kepingin kepanggih kaliyan Gusti Yesus, tiyang-tiyang punika sampun nyumerepi sinten Gusti Yesus, lajeng kathah ingkang nyuwun kasarasan dhumateng Gusti Yesus. Artosipun, Gusti Yesus misuwur karana Panjenenganipun punika tansah makarya, nindakaken mujizat lan medharaken Sabda-Nipun Gusti Allah kangge sintena kemawon ingkang purun ndherek Panjenenganipun. Ing tanah Genesaret, Gusti Yesus punika nedahaken kuwaos-Ipun lumantar mukjizat-mukjizat-Ipun. Mukjizat punika kalandesan iman pitados dhumateng Gusti Yesus. Mila wonten tiyang ingkang namung ndemek jubahipun Gusti Yesus kemawon lajeng saras (Ay. 36)
Kathah manungsa ingkang sami nyuwun kasarasan nalika sakit. Sadaya pangupadi dipun lampahi: tindak dhateng griya sakit, dhateng dokter, dhateng apotek, satemah saged saras. Sadaya punika sejatosipun namung sarana kangge manungsa saged ngraosaken saras. Sanesipun pangupaya, kita ugi kedah kagungan iman kapitadosan dhumateng Gusti Yesus. Kita ndedonga nyuwun kakiyatan lan kasarasan dhumateng Gusti Yesus. Ing wulan Pambangunan GKJW punika, kita pitados bilih Gusti Yesus mranata kawontenan greja kita punika. Dados timbalan kita sadaya ngupadi mbangun GKJW, supados GKJW saged dados pirantinipun Gusti kangge medharaken sabdanipun Gusti, medharaken berkah katentreman lan kabingahan kangge sadaya umat. Sumangga kita ingkang kasebat GKJW sami ngupadi tumindak gesang ingkang sae kagem kamulyanipun Gusti. Amin. [dea].
“Ndherek Gusti Yesus martosaken Injil Suci”