Nampi Restu saking Gusti Pancaran Air Hidup 19 Agustus 2022

Waosan: 2 Babad 8 : 12 – 16 | Pamuji: KPJ 417
Nats:
“Ing kono pakaryane Sang Prabu Suleman wus rampung, wiwit dina pamasanging dhasare padalemane Pangeran Yehuwah nganti ing dina rampunging padaleman iku. Kaya mangkono banjur wus rampung padalemaning Yehuwah.” (Ayat 16)

Kathah tiyang ingkang nggresula lan nglokro nalika ngadepi prekawis gesang utawi tugas ingkang awrat sanget. Kadosipun kathah panggodha ingkang njalari prekawis gesang utawi tugas punika mboten enggal rampung. Sampun kathah cara dipun lampahi, daya, dana lan sarana inggih sampun dipun korbanaken, ananging kasilipun taksih nol. Karana punika kathah tiyang lajeng stress, mundur, lan mboten semangat malih nglajengaken tanggel jawab lan tugasipun punika. Punapa sejatosipun ingkang kadadosan? Punapa ingkang njalari tanggel jawab lan tugas punika kados-kados mboten antuk restu saking Gusti? 

Menawi kita sesarengan gatosaken waosan sabdanipun Gusti dinten punika, katingal bilih tugas lan tanggel jawabipun Salomo mbangun padaleman suci punika saged kalampahan sacara lancar ngantos ing pungkasanipun. Pambangunaning padaleman suci punika saestu antuk restu saking Gusti Allah. Sedaya tiyang ingkang ndherek tandang damel dipun berkahi dening Gusti, pramila saged lancar lan mantun. Lajeng, sejatosipun punapa ingkang ndadosaken pakaryan punika antuk restu saking Gusti? Inggih namung satunggal wangsulanipun, pakaryan punika dipun tindhakaken miturut kaliyan katetepan-katetepanipun Gusti lumantar sabda ingkang dipun serat dening Prabu Dawud. Katetepan-katetepan punika ingkang dipun tindhakaken wiwit mula ngantos sakrampungipun padaleman suci punika kawangun.

Salah satunggaling bab ingkang mbingahaken kita inggih punika nalika punapa ingkang kita lampahi antuk restu saking Gusti. Sedaya pakaryan kita dipun berkahi dening Gusti lan kita saged ngampungaken ngantos dumugi pungkasan kanthi sae. Sinau saking bab mbangun padaleman suci kalawau, mangga kita tansah nggatosaken karsanipun Gusti ing salebeting pakaryan ingkang kita lampahi. Setya tuhu ing Panjenenganipun, temen anggenipun nindakaken sedaya tanggel jawab, sarta tansah pitados dhumateng Gusti Allah. Ing swasana sasi Pambangunan GKJW sakpunika, mangga sesarengan kita mbudidaya gesang ingkang kebak kasaenan, sami mbangun GKJW kanthi dhasar Sabdanipun Gusti. Sarana punika kita saged mbangun Greja ingkang mandiri lan dados berkah kangge tiyang kathah. Amin. [dvd].

“Pakaryanipun Gusti punika agung, mangga tansah setya tuhu ndherek Gusti lan sedaya pakaryanipun”

 

Bagikan Entri Ini: