Waosan: 1 Korinta 15: 50 – 58 I Pamuji: KPK. 78
Nats: „… awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra!“ (ayat 58)
“Urip iku mung mampir ngombe”. Piwulang Jawi punika saestu lebet sanget. Manungsa dipun adhepaken dhateng pemanggih prosesing pigesangan ingkang wegdalipun cekak. Wonten ing kabudhayan Jawi pigesanganing manungsa kawiwitan nalika tuwuhing jabang bayi ing salebeting gua garbanipun ibu (alam purwa), lajeng lair lan gesang saleresipun ing ndonya (alam madya), lan kapungkasan ing pigesangan selajengipun sabibaring pejah ingkang kalampahan ing papan ingkang dereng dipun mangertosi inggih punika “alam wasana”. Gambaran “mampir ngombe” punika nedahaken gesanging manungsa ing alam madya. Punapa ingkang dipun lampahi wonten ing alam madya punika ingkang namtokaken kados pundi kahananing manungsa nalika lumebet ing alam wasana.
Minangka tiyang Jawi Kristen, tamtunipun kita saged mangertosi pemanggih punika kanthi gamblang. Pigesangan wonten ing bumi punika boten gampil, kathah sanget pambengan, malah kepara pacoben ingkang mrihatosaken. Tiyang Kristen ingkang gesangipun sampun linambaran piwucal saking Kitab Suci asring sanget dipun godha supados gesangipun ing alam madya punika nyingkur dhawuhing kitab suci. Bilih tetep kukuh ing dhawuhing Kitab Suci, lajeng gesang punika dipun dadosaken ewet. Pungkasanipun kathah sanget ingkang mastani bilih gesang dados tiyang Kristen punika pancen ewet. Rasul Paulus mangertos saestu bilih gesangipun tiyang pitados punika boten gampil. Para pitados kadhawuhan ngrimati prasetyanipun (janji) Gusti inggih punika kawilujengan ingkang sampun dipun paringaken dening Gusti Yesus kanthi nglampahi dhawuh lan nidakaken pandamelan peparingipun Gusti. Rasul Paulus ngemutaken kanthi cetha bilih eweting gesang ing salebeting nglampahi dhawuh lan pandamelane Gusti ing bumi punika mboten muspra.
Pandamelan peparingipun Gusti punika pancen gampil – gampil ewet. Ananging sumangga kita mangertosi bilih sedaya pangupadi kita ngestokaken dhawuh lan pandamelan punika pituwase rahayu. Saestu Gusti boten mendel lan kendel, panjenengane mesthi nulungi. Sugeng haleladi amin. (GaSa)
„Dhawuhipun Gusti kadya dilah kang madhangi gesang.“