Ngudi Kamulyaning Allah Renungan Harian 18 Maret 2018

18 March 2018

Waosan: Ibrani 5:5-10  |  Pamuji: KPK 132:3,2.
Nats:
“Panjenengane wus ngaturake pandonga sarta panyuwun kanthi muwun lan sesambat marang Panjenengane, kang kuwaos milujengake saka pati, sarta marga saka kamursidane Panjenengane wus dipidhangetake. Sarta sanadyan Panjenengane iku Sang Putra, ewasemono wus sinau mbangun-miturut saka anggone nandhang sangsara.” (ayat 7b-8)

Si Blio nerak wewaler (peraturan) lalu lintas ing margi. Lajeng piyambakipun kacepeng dening Polisi ingkang saweg jagi lan tamtu badhe dipun tilang. Piyambakipun boten purun dipun tilang, karana Pakdhenipun dados Komandan Resort Kepolisian. Blio lajeng telpon dhateng Pakdhenipun menika. Piyambakipun lajeng dipun luwari, boten tamtu dipun tilang. Awit rumaos nggadhahi sesambetan mirunggan kaliyan Kapolres, nggih menika Pakdhenipun, Blio tumindak sapikajengipun piyambak sarta boten dipun lepataken.

Boten mekaten ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus minangka Putranipun Allah. Nadyan Ramanipun menika Allah ingkang Maha Luhur, nanging Gusti Yesus ngasoraken sariranipun, babar pisan boten ngegungaken dhiri. Nadyan kagungan hak istimewa minangka Putra kinasih, Gusti Yesus tetep mbudidaya mbangun turut dhateng karsanipun Allah. Ngasoraken sarira lan mbangun turut menika dipun tetepi nadyan awit saking menika Panjenenganipun kedah ngalami kasangsaran ageng. Gusti Yesus boten ngupadi kamulyan lan sekecaning gesang, nadyan Panjenenganipun menika Putra kinasihipun Allah ingkang Maha mulya. Malah srana ngasoraken sarira menika Gusti Yesus nedahaken kamulyanipun Allah saha kamulyaning dhiri pribadinipun. Srana pambangun turutipun menika, Gusti Yesus nedahaken sih katresnanipun dhateng Sang Rama saha sih katresnanipun Allah dhateng sadaya titah.

Kita ugi dados putranipun Allah. Kedahipun kita ugi purun ngasoraken dhiri lan mbangun turut dhateng Gusti. Boten prayogi kita ngupadi kamulyaning dhiri lan sekecaning gesang. Ingkang kedah kita upadi nggih menika kamulyanipun Allah lan sih katrenanipun srana patrap utama. [st]

“Sing sapa ngudi kamulyaning Allah, mesthi bakal kamulyakake.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak