Waosan: Jabur 25: 1-10 I Pamuji: KPK 191
Nats: “Kabeh margining Yehuwah iku katresnan, kasetyan lan kabeneran tumrap wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete.” (ayat 10)
“Manut”, tembung punika gampil kaucapaken nanging yektinipun boten gampil dipun tindakaken. Umumipun, manungsa kepengin ngraosaken gesang ingkang merdika, yen saged gesang tanpa pranatan, saged “semau gue.” Mila kita asring mireng tembung: “Hukum ada untuk dilanggar.” Punapa leres bilih pranatan (hukum) punika kawontenaken kangge dipun terak? Menawi mekaten, punapa pranatan punika taksih perlu?
Tamtunipun pranatan punika dipun yasa murih katentremaning gesang, nuwuhaken raos aman saha kawilujenganing gesang. Upaminipun, pranatan bab lalu-lintas, dipun yasa murih supados sedaya tiyang tansah pikantuk kawilujengan ing sauruting margi. Panerak dhateng pranatan lalu-lintas badhe ndadosaken kacilakan, malah saged ugi pepejah.
Prabu Dawud, ing kitab Jabur, nyuwun pangapunten lan pangayoman saking Yehuwah. Dawud pitados bilih namung Yehuwah ingkang saged mitulungi lan nylametaken nyawanipun. Mila Dawud ngasoraken dhiri wonten ngarsanipun Sang Yehuwah, tansah ngantos-antos kanthi setya tuhu pitulungan saking Yehuwah. Sedaya marginipun Yehuwah punika “katresnan, kasetyan lan kabeneran tumrap wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete.”
Kesadharan dhiri punika awis-awis kita panggihi ing gesangipun manungsa jaman samangke. Budaya instan ugi saged njalari tiyang kecalan kesabaran, mila remen mundhut jalan pintas, boten manut pranatan. Budaya isin ugi ketingalipun sampun boten wonten, mila boten gumun yen wonten tiyang ingkang dipun rangket dening polisi krana korupsi, nanging taksih saged mesem, malah boten ngakeni kalepatanipun, napa malih yen wonten kathah pengacara ingkang paring pambiyantu. Kados-kados sampun kebal hukum.
Sumangga kita sami sinau saking Prabu Dawud ingkang tansah kepengin manut dhateng pranatanipun Yehuwah. Temahan, kalayan prasaja ngakeni kalepatanipun lan panerakipun, sarta nyenyuwun supados Yehuwah piyambak ingkang nedahaken margining kayekten. Punika namung saged kalampahan menawi kita tansah manut lan setya dhateng pranatanipun Yehuwah. (DK)
“Manut lan tansah setya.”