Waosan: Mateus 18 : 21 – 35 | Pamuji: KPJ. 239 : 1 – 2
Nats: “Gusti manawi sadherek kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten anggen kawula kedah ngapunten?” (Ayat 21)
Mengampuni… mengampuni lebih sungguh,
Mengampuni… mengampuni lebih sungguh,
Tuhan lebih dulu mengampuni dosa-dosa ku,
Mengampuni.. mengampuni lebih sungguh.
Sasampunipun ngidung pujian punika, Cipluk lajeng mular sesenggukan ing satengahing pangabekti. Karana kathah tiyang ingkang ningali piyambakipun, palados sabda mandhap saking mimbar lajeng muruki Cipluk, nyuwun dhateng Cipluk supados saged paring paseksi kenging punapa piyambakipun mular. Nalika Cipluk ngaturaken paseksi, piyambakipun nyarioasaken bilih saestu awrat sanget ngapunten kalepatanipun rencangipun. Sinaosa sampun 10 taun kepengker nanging dumugi wekdal sapunika Cipluk dereng saged paring pangapunten.
Paring pangapunten tumrap tiyang sanes ingkang sampun nindakaken kalepatan dhateng kita saestu boten gampil. Ananging kados pundi raosipun bilih kita ingkang sampun nindakaken lepat lajeng tiyang sanes boten purun ngapunten kalepatan kita? Tamtu kita tansah kagungan pengajeng-ajeng supados tiyang sanes enggal purun ngapunten kalepatan kita.
Ing waosan dinten punika Gusti Yesus sampun paring piwucal bab ngapunten kalepataning liyan. Ngapunten kalepatanipun tiyang sanes punika boten saged kaetang cacahipun. Gusti Yesus paring piwucal lumantar pasemon Ratu ingkang etang-etangan kaliyan abdinipun. Nalika sang abdi punika nyuwun pangapunten, Sang Ratu trenyuh ing penggalih lan paring pangapunten. Mekaten ugi nalika sang abdi boten saged ngapunten tiyang sanes ingkang sampun nyenyuwun ing piyambakipun, pramila Sang Ratu ugi nindakaken bab ingkang sami.
Tansah paring pangapunten dhateng tiyang sanes punika sampun dados nilai ingkang tansah dipun wedharaken dening Gusti Yesus. Kita para abdinipun Gusti sampun langkung rumiyin dipun luwari dening Gusti kita, Yesus Kristus. Samangke sampun dados kewajiban kita saged ngapunten tiyang sanes ingkang lepat dhateng kita. Awit nalika kita saged ngapunten tiyang sanes, punika dados tandha bilih kita diwasa ing iman kapitadosan kita. Amin. [GW].
“Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula – Donga Rama Kawula”