Boten Maido Nanging Ngilo Renungan Harian 17 September 2018

17 September 2018

Bacaan: 1 Raja-raja 13 : 1-10 I Pamuji : KPK 190 : 1&4
Nats:
“Sanadyan sapalihing kadhaton dalem panjenengan dalem paringaken dhumateng kawula, kawula boten badhe mampir dhateng ing kadhaton dalem;.” (ay. 8)

Wonten ing gesang patunggilan, warganing pasamuan asring paring kritik dhateng  peladosan supados langkung sae. Contonipun kritik kangge Pendita supados nuweni warganipun,  utawi kritik supados majelis sinau pepujen basa jawi lan kritik-kritik sanesipun.

Waosan kita dinten menika nyariosaken kritik saking abdinipun Allah kangge Prabu Yerobeam, ratuning Israel. Sang Prabu paring idi Padaleman Suci dados papan  kangge nyembah brahala utawi dewa-dewa. Mila abdinipun Allah ngengetaken Prabu Yerobeam bab kalepatanipun. Nanging Prabu Yerobeam boten rumaos salah malah badhe nandukaken  abdinipun Allah menika ing pakunjaran. Nanging karana mujizatipun Allah sang Prabu ngalami bebendu, astanipun kenceng boten saged obah.

Karana rumaos boten gadhah kakiyatan kangge nglawan abdinipun Allah, lajeng Prabu Yerobeam nyuwun pangapunten. Prabu Yerobeam ngaturi abdinipun Allah pinarak ing kratonipun. Tumindak menika nggadhahi pamrih supados abdinipun Allah purun menika dados rencang damelipun lan boten mbalelo dhumateng sang prabu.

Nanging abdi Allah paring wangsulan “Sanadyan sapalihing kadhaton dalem panjenengan dalem paringaken dhumateng kawula, kawula boten badhe mampir dhateng ing kadhaton dalem” . Wangsulanipun abdi Allah menika minangka bukti bilih piyambakipun mboten kesengsem bab donya, nanging estu lumampah wonten ing marginipun Allah.

Kawontenan menika benten kaliyan kasunyatan ing gesang padintenan kita. Sesami tiyang tansah maido kalayan pamrih supados dipunanggep pinter,diparingi kalenggahan, utawi njlomprongaken rencang ingkang boten diremeni.

Sumangga kita tansah ngilo. Menapa kita lelados kangge kamulyaning Gusti utawi malah dados sandhungan kangge gesangipun tiyang sanes? Kita asring paring pamaido nanging boten maringi usulan ingkang bangun patunggilan. Sampun ngantos gesang kita boten dadosaken Gusti Allah rena ing penggalih. Gusti Mberkahi. (DKR)

“Tansaha saged nguji dhiri ”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak