Waosan: Rum 15 : 7 – 13 | Pamuji: KPJ. 352
Nats: “Mulane kowe padha tampan-tinampanana, padha kaya Sang Kristus anggone uga wus nampani kita, kagem kaluhurane Gusti Allah.” (Ayat 7)
Wonten tembung ingkang mekaten: “Asu gedhe menang kerahe.” Tembung punika tegesipun tiyang/kelompok ingkang nggadhahi pangkat lan drajat ingkang inggil badhe dados panguwasa. Nalika wonten masalah mboten badhe kawon. Anggenipun menang punika mboten karana dipun timbang kanthi patokan bener utawi salah, ananging karana wonten pengaruh saking pangkat lan drajatipun. Babagan kados mekaten saged kalampahan ing pigesangan kita. Ing pundi, kawula alit utawi kelompok ringkih kawon kaliyan ingkang digdaya. Kamangka pihak ingkang digdaya ingkang dados panguwasa.
Kawontenan pasamuwan ing kutha Rum saged kagambaraken kados mekaten. Nalika wonten pamanggih ingkang benten satunggal lan sanesipun, kelompok ingkang santosa lajeng rumaos bilih pamanggihipun punika leres lan sanesipun lepat. Prekawis punika mrihatosaken sangat kagem Rasul Paulus. Punapa malih, bentening pamanggih punika pirembagan bab kapitadosan. Rasul Paulus ajrih bilih kelompok ingkang santosa, ingkang rumaos leres ing samukawis prekawis punika dados sandhungan kangge kelompok tiyang ingkang ringkih. Temahan, ing kahanan kados mekaten Rasul Paulus paring piwulang supados sami tampan-tinampanan satunggal lan sanesipun. Kelompok ingkang santosa saged nampi kawotenan kelompok ingkang ringkih, lan kosok-wangsulipun. Tampan-tinampanan ingkang dipun kersakaken dening Rasul Paulus punika adhedasar Sang Kristus. Ing pundi, Panjenenganipun sampun kersa nampi sadaya tiyang, sae ingkang santosa utawi ingkang ringkih. Sadaya tiyang punika sami ing ngarsanipun Sang Kristus. Dene kamulyan kaswargan saking Sang Kristus dipun paringaken tumrap sadaya tiyang tanpa mbentenaken umat kagunganipun. Pigesangan ingkang tansah tampan-tinampanan punika ingkang saged dados sarana kaluhuraning Asma Sang Kristus.
Piwulang tampan-tinampanan saking Rasul Paulus punika sae sanget bilih kita trapaken wonten ing pigesangan kita. Sae punika wonten ing satengahing masyarakat, mekaten ugi ing satengahing pasamuwan. Pasamuwan ingkang digdaya inggih punika pasamuwan ingkang saged nampi sadaya tiyang, sae ingkang santosa, punapa ingkang ringkih, sae ingkang kaluberan, punapa ingkang kacingkrangan. Kanthi semangat tampan-tinampanan punika kita saged mujudaken keadilan sosial kagem kelompok marginal. Swawi mbangun gesang ingkang kebak katresnan supados gesang kita saged dados kaluhuraning Asma Sang Kristus. Amin. [DAR].
“Janma tan kena ingina.”