Ndadar ing Pigesangan Pancaran Air Hidup 17 Maret 2022

17 March 2022

Waosan: Wahyu 2: 8 11 | Pamuji: KPJ. 428 : 12
Nats:
“Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sun ganjar makuthaning kauripan.” (Ayat 10).

Ing salebeting pigesangan kita sadinten-dinten, tamtu wonten bingah lan sisah kang kalampahan. Mekaten ugi kathah tiyang ingkang mburu kasenengan nanging mboten siap ngadepi kasisahan. Utawi kosokwangsulipun, biasa urip susah, nanging nalika seneng sepisan malah salah margi. Pramila kita dipun ajak sinau mekak hawa nepsu supados kita siap ngadepi prekawis ingkang bingahaken lan nyisahaken gesang kita.

Wahyu ingkang kawedhar tumrap Pasamuwan ing Smirma martosaken badhe wonten kasusahan ageng. Para warga pasamuwan kautus tatag lan setya tuhu ing Sang Kristus bilih ngadepi kasangsaran ing wekdal samanten. Kedhah tatag ngadepi pangala-alaning tiyang sanes. Kedhah tatag bilih dipun anggep asor dening liyan. Tansah setya tuhu ing Gusti, awit sedaya kalawau minangka pandadar tumrap pasamuwan. Soksintena ingkang kabiji tatag lan setya, piyambakipun badhe kaganjar makuthaning kauripan. Makutha ingkang kaparingaken dhateng para sedherek ingkang unggul nglampahi pandadaran lan tatag ngadepi kasisahan ageng ing ngajeng mangke.

Ing mangsa pra-paskah punika, kita kaajak ndherek mengeti lan ngraos-raosaken kasangsaranipun Gusti Yesus. Caranipun: kita saged nindakaken siam/ pasa, nyisihaken arta kagem peladosan diakonia, meditasi, lan sanesipun. Salebeting kita nglampahi sadengah sarana kalawau, kita kasuwun saged ngasah manah lan iman kapitadosan. Manah kita kaasah, ndherek ngraosaken ringkihing kamanungsan kita. Iman kita kaasah gadhahi pangajeng-ajeng bilih Gusti Yesus tansah nganthi ing salebeting karingkihan kita. Sumangga, kita tansah ndadar pigesangan kita, mekak hawa nepsu kadagingan kita kanthi tatag lan setya tuhu ngadepi sadengah kahanan, sae punika kahanan bingah punapa malih susah. Mugi sedaya kahanan punika, nuntun kita ngraosaken berkah panganthinipun Gusti Yesus. Saestu makuthaning kauripan, pratanda unggul ing tetandingan, sampun kacawisaken Gusti Yesus tumrap kita sami. Sugeng ndadar diri ing pigesangan. Amin. [jarwi].

 Tansah ndadar diri dados margining kasampurnan.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak