Lumampah Ing Padhang Pancaran Air Hidup 17 Maret 2021

17 March 2021

Waosan: Yesaya 60 : 15 – 22 | Pamuji: KPK. 178
Nats
: “… nanging Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang langgeng tumrap sira, sarta Gusti Allahira bakal dadi kaluhuranira” (Ay. 19 b)

Nalika Gusti Allah nitahaken bumi lan saisinipun, dinten ingkang kaping sepisan, Gusti Allah ngendika, “Anaa pepadhang!” (PD. 1:3), selajengipun wonten padhang. Mekaten ugi ing dinten kaping sekawan, Gusti Allah nitahaken srengenge, wulan lan lintang ing langit. Srengenge kangge madhangi donya ing wanci siang. Wulan lan lintang kangge madhangi donya ing wanci dalu. Sarana pepadhang punika manungsa saged gesang, saged makarya sarta saged niteni mangsa. Karana punika sedaya tumindak gesangipun manungsa saged kelampahan karana wonten  padhang. Mekaten ugi kanggenipun tiyang ingkang gesang ing padhang, gesangipun tansah wonten ing kawilujengan lan berkahipun Gusti. Nanging tiyang ingkang gesang ing pepeteng asring nemu kacilakan lan kasisahan.

Nabi Yesaya paring pamedaring Sabda, bilih Gusti Allah badhe dados pepadhanging gesang ing salampahing bangsa Israel. Gusti Allah ngersakaken supados bangsa Israel dados pepadhang ing salebeting gesangipun. Bangsa Israel ingkang waunipun tebih saking Gusti lan tumindak duraka, sapunika kaapunten dening Gusti Allah. Gusti Allah kersa mulihaken kahananipun bangsa Israel. Gusti Allah prajanji dados pepadhang ingkang langgeng kangge bangsa Israel. Sedaya kasisahan lan rekaosipun bangsa Israel bakal sirna gumantos kamulyan. Bangsa Israel badhe dados bangsa ingkang ageng. Punika pawartos ingkang bingahaken sarta nuwuhaken pangajeng-ajenging bangsa Israel nalika ing Babel.

Prajanjinipun Gusti Allah ingkang dados pepadhang langgeng kangge bangsa Israel, ugi dados prajanjinipun Gusti Allah dhateng kita. Gusti Allah punika pepadhanging gesang kita. Bilih kita celak lan rumaket kaliyan Gusti tamtunipun lampahing gesang kita wonten ing padhang. Karana kita mangertos ing pepadhang punika kita saged ningali lan ngraosaken sedaya pakaryan lan pangrimatanipun Gusti Allah dhateng kita. Kita boten badhe ajrih karana kita tansah ngraosaken Gusti Allah tansah nganthi lampah kita ing donya punika. Awit saking punika mangga kita sami lumampah ing padhang, inggih punika manah lan gesang ingkang  tumuju dhumateng Gusti Allah. Tansah wonten kawilujengan langgeng kangge kita ingkang  setya lan lumampah ing pepadhanging Gusti. (AR)

“Gusti pepadhanging jagad gung luber ing sih rahmat.”  (KPK. 178)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak