Waosan: Wulang Bebasan 8 : 5 – 21 | Pamuji: KPJ. 369
Nats: “PamerdiningSun iku tampanana ngluwihi salaka, lan kawasisan ngluwihi mas murni.” (Ayat 10)
Sipating manungsa ing ngarsaning Gusti Allah punika kagambaraken kados gangsal jenis gelas. Gelas sepisan, kosong lan mbukak, nggambaraken tiyang ingkang rumaos ringkih, mlarat ing ngarsanipun Gusti Allah. Gelas kaping kalih, isinipun setengah lan katutup, punika nggambaraken tiyang ingkang kawruhipun winates, nanging nutup dhirinipun piyambak. Gelas kaping tiga, sampun kebak lan katutup, nggambaraken tiyang ingkang mboten ngertos, nanging nggadahi pemanggih bilih piyambakipun sampun ngertos sadayanipun, mila piyambakipun nutup dhiri. Gelas kaping sekawan, gelas ingkang retak, nggambaraken tiyang ingkang kagungan daya serep namung sekedap. Gelas kaping gangsal, gelas ingkang kotong/suwung lan katutup, nggambaraken tiyang ingkang mboten ngertos, nanging nutup gesangipun piyambak.
Wulang Bebasan maringi pangertosan bab kawicaksanan, ingkang isinipun pitutur lan pepeling saking Gusti Allah kagem kabecikanipun manungsa. Kawicaksanan sejati punika celak kaliyan manungsa. Sinten ingkang purun madosi tamtu bakal manggihaken. Menawi dipun timbang, reginipun kawicaksanan punika nglangkungi bandha, salaka, lan emas. Kawicaksanan punika mboten saged dipun gadhahi mawi ngandelaken kasugihan, kakiyatan, kapinteran, utawa jabatan. Kawicaksanan punika namung saged dipun gayuh kanthi gesang ajrih asih lan setya tuhu dhumateng Gusti. Saben manungsa kagunganipun Gusti Allah kedah nyingkiri tumindak ala, watak ingkang wangkot, lan cidra, kanthi mekaten piyambakipun saged dados tiyang ingkang wicaksana.
Srana kawicaksanan, kita mangertos babagan kabingahaning gesang sarta kayektenipun Gusti Allah. Kawicaksanan ugi paring pangertosan babagan sipating Gusti Allah ingkang katingal wonten ing sadaya pakaryanipun sarta titahipun. Kita para abdi mbetahaken kawicaksanan saking Gusti Allah. Sampun ngantos kita gumunggung bilih kita kagungan kathah pangertosan utawi pengalaman, nanging sumangga kita saged ngudi kawicaksanan ingkang utami saking Gusti Allah. Kita nyuwun kawicaksanan supados kita saged mbentenaken prekawis ingkang dipun karsakaken Gusti Allah lan pundi ingkang kedah kita tebihi. Kawicaksanan punika nuntun gesang kita dhateng kaleresan lan kamulyaning Allah, sarta nuntun kita tumindak gesang ingkang sae lan leres. Mangga kita purun dados gelas ingkang kosong lan kabikak. Amin. [Bojes].
“Kawicaksanan punika wujud peperingipun Gusti ingkang aji kangge kita.”