Waosan : Nehemia 9 : 1 – 8 | Pamuji : KPJ. 114 : 1, 2
Nats: “ … Padha ngadega saosa puji marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, langgeng ing salawase! Dhuh Allah, pinujia asma Paduka ingkang mulya, ingkang kaluhuraken ngungkuli saliring pamuji kaliyan pakurmatan!“ (Ay. 5)
Menawi dipunutus ngemut babagan ingkang sampun kalampahan ing sadinten punika, punapa panjenengan saged ngemut kanthi cetha? Asring kathah tiyang ingkang mboten saged ngemut kanthi gamblang awit sadaya babagan punika kalampahan kanthi biasa. Benten kaliyan babagan ingkang saestu wigati, sanadyan kalampahan sampun dangu, bab punika taksih cetha ing manah awit estu rumesep kanthi sanyata ing manah. Conto: Nalika daup suci, nalika kapethatan katresnan kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani, lsp. Ananging kados pundi kaliyan bab tresnanipun Gusti marang manungsa, bab punika kasebat prekawis biasa punapa prekawis ingkang wigati? Kathah manungsa ingkang mastani karana Gusti mbabar katresnan punika saben wektu ndadosaken bab punika karaos biasa ing manahipun manungsa.
Nehemia punika salah satunggaling seratan kitab kang nyariosaken bangsa Israel ingkang sampun uwal saking pangawulan. Nehemia dipun patah dados gubernur ingkang nggadhahi tugas lan tanggeljawab ngrigenaken kahanan Padaleman Suci ingkang sampun bubrah. Saksampunipun Padaleman Suci tumata kanthi sae, Nehemia sesarengan kaliyan Ezra ngatag wigatining bab karohanen sesambetan kaliyan Gusti Allah. Ing waosan punika, Nehemia sesarengan kaliyan bangsa Israel nglampahi timbalan pangaken dosa lan panyuwunan ing ngarsanipun Gusti Allah. Nehemia ngatag para umat ngraosaken malih kadospundi pangayoman saha katresnanipun Gusti Allah ingkang sampun kalampahan wiwit ing wiwitaning jaman. Ananging kathah manungsa ingkang asring nglirwakaken pakaryaning Gusti punika. Pramila timbalan pamratobat ngakeni sedaya kalepatan saha panyuwunan ing ngarsane Gusti dipun ginakaken Nehemia dados sarana ndadar umat supados saged nelangsani tumindak gesangipun ingkang awon.
Lajeng sakpunika, minangka tiyang pitados, punapa kita taksih nggadhahi wekdal saperlu mbangun sesambetan kaliyan Gusti? Awit menawi kita sampun mboten kagungan wekdal, mbok bilih kita badhe kelangan raos sukur lan mboten saged ngraosaken bab wigatining tresnanipun Gusti. (gus)
“Tresnanipun Gusti karaos wigati, nalika manungsa kersa ngraosaken kanthi satiti”