Waosan: Jabur 40 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 67
Nats: “Kaelokan Paduka badhe kawula cariyosaken saha kawula ucapaken, nanging manawi kaetang kakathahen sanget cacahipun.” (Ayat 6)
Pepujian saking KPJ. 373 seratipun mekaten:
Apa kowe bisa ngetung lintang kang neng angkasa?
Mangkono uga mring mendhung dalah sakehing mega?
Kabeh iku nut pangrehe Pangeran kang nitahake
Ora ana siji bae kang uwal king astane.
Pepujian punika ngajak kita sami ngraosaken pakaryanipun Gusti Allah ingkang nitahaken jagad raya saisinipun. Kanthi ningali lintang ing angkasa kita sadar bilih cacahipun mboten saged kaetang. Gusti Allah punika ingkang mranata sadayanipun, mila kawontenan jagad saisinipun saged sae lan kalampahan kanthi tata.
Kitab Jabur ing waosan kita dinten punika kasebat Jabur panuwun sokur. Prabu Dawud minangka juru tulis Jabur punika ngaturaken paseksinipun: 1. Gusti Allah punika nguningani pasambatipun para umat sarta karsa mitulungi. 2. Gusti Allah punika patut dipun sembah lan dipun puji kaliyan umat. 3. Gusti Allah punika Maha Kwasa, Panjenenganipun nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang elok salebeting gesang. Awit saking paseksi punika, Prabu Dawud ngajak para umat kagem nyariosaken pakaryan-pakaryanipun Gusti punika. Para umat ugi dipun ajak ngaturaken saos sokur dhumateng Gusti awit Gusti sampun nindakaken karsa-Nipun salebeting gesang para umat. Mekaten ugi Prabu Dawud tansah martosaken bab kaleresan, kaadilan, kasetyan saha kawilujengan saking Gusti dhateng para umat. Piyambakipun ngakeni bilih Gusti Allah punika Maha Kwasa.
Ing wulan tumitahing jagad punika, kita dipun ajak kangge ningali kawontenan lingkungan ing sakiwatengen kita. Sadaya ingkang wonten ing antawis kita punika titahipun Gusti. Kita saged ningali sekar ingkang ngrembaka, pitik jago ingkang kluruk saben enjing, peksi ingkang mabur ing angkasa, sadaya punika titahipun Gusti. Mangga kita sami saos sokur dhumateng Gusti tumrap sadaya titah-Ipun ingkang jangkepi gesang kita. Kita sami ngraosaken bilih Gusti Allah Maha Kwasa mranata gesang kita. Ingkang perlu kita tindakaken, inggih punika tansah saos sokur dhumateng Gusti awit saking pakaryanipun ingkang agung, kita tansah memuji Gusti sarta sumadya martosaken sadaya pakaryan-pakaryan-Ipun ingkang elok salebeting gesang kita. Mangga sami kita ngakeni Gusti Allah punika Gusti ingkang Maha Kwasa, Gusti ingkang setya ngrimati sadaya titah-Ipun, kalebet kita manungsa. Amin. [AR].
“Gusti Allah Maha Kuwaos nunggil lan ngrimati sadaya titahipun lan jagad raya.”