Waosan: Yesaya 54: 1 –8 | Pamuji: KPJ. 51 : 1, 3
Nats: “Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira, kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah; kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi.” (Ayat 5)
Bilih wonten kedadosan ingkang nggegirisi lan nuwuhaken kasangsaran, kathah tiyang ngunjukaken pitakenan: “Iki salahe sapa?” utawi “Sapa sing kudu tanggung jawab?” Lajeng boten sakedik tiyang ingkang nyalahaken tiyang sanes, pados “kambing hitam”, supados saged dipun tuntut tanggel jawabipun. Wonten ugi tiyang ingkang macak dados korban, boten purun tangi sinaosa saged. “Lajeng tumrap tiyang pitados pripun?” Mangga sami sinau ngadepi kasangsaran saking bangsa Israel.
Nalika semanten ing jamanipun Nabi Yesaya, boten wonten tiyang ingkang saged nandhingi sangsaranipun tiyang estri ingkang gabug, lajeng dipun tilar semahipun. Bilih tiyang estri gabug punika saged surak-surak kanthi bingah, punika karana wonten piyantun kakung ingkang kersa dados semahipun lan tanggel jawab tumrap gesangipun. Mekaten kabingahan ingkang dipun raosaken bangsa Israel ingkang uwal saking pangawulan, uwal saking kasangsaran. Kabingahan punika karana Gusti Allah karsa paring pangluwaran dhateng bangsa Isarel. Bangsa Israel saged bebungah lan gadhah pangajeng-ajeng malih dhumateng Gusti Allah.
Gusti Allah saestu tanggel jawab tumrap titah. Sedaya prekawis ing jagad punika mboten saged luput saking panguwasaning Gusti Allah. Kita ingkang semplah, Gusti Allah karsa ngadegaken malih. Kita ingkang sakit, Gusti Allah karsa nyarasaken. Kita ingkang kesasar, Gusti Allah kersa nuntun kita wangsul malih ing ngarsanipun. Karana punika, kita sami nggadhahi pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah, Gusti sarwa tumitah, lan panebus kita ingkang mahasuci. Mekaten ugi, mangga kita sami tanggel jawab tumrap gesang ingkang sampun dipun paringaken Gusti punika, sae gesang secara pribadi ugi gesang kaliyan sesami ing sakiwa tengen kita. Kita rimati kanthi nengenaken raos tresna lan swasana katentreman. Mangga kita nuladha Gusti Allah ingkang sampun ngreksa lan ngrimati kita kanthi kebak tanggel jawab. Amin. [jarwi].
“Katresnan iku mawujud ing sajroning tanggel jawab.”