Waosan: 2 Para Raja 24 : 18 – 25 : 21 | Pamuji: KJ. 386
Nats: “Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, plek kaya kang dilampahi dening Sang Prabu Yoyakim.” (Ayat 19)
Saben tiyang tamtunipun mangertos bilih sadaya tumindhak kita punika nggadhahi konsekuensi. Tumindhak alit punapa ageng, tamtu wonten wohipun. Pramila, saben tiyang kedah ngati-ati ing sadaya tumindakipun, punapa malih anggenipun nindakaken timbalanipun Gusti, kedah kanthi tanggel jawab saestu. Tanggel jawab ing timbalan gesang bebrayatan, ing patunggilan, mekaten ugi ing gesang saben dinten wonten ing masyarakat. Punapa malih kangge kita ingkang kapiji dados pamimpin, tamtunipun sadaya tumindak lan tetembungan kita punika paring dampak kangge tiyang sanes. Menawi wonten tumindak utawi tetembungan kita ingkang ala, punapa malih ing ngarsanipun Gusti, sampun sakmesthinipun kita nyuwun pangapunten dhumateng Gusti lan mratobat.
Ing gesangipun, Prabu Zedekia nindakaken ingkang ala ing ngarsanipun Gusti, sami kados ramanipun, Prabu Yoyakim. Tumindhak alanipun punika ndadosaken Gusti Allah murka. Murkanipun Gusti punika nuwuhaken paukuman kangge Yerusalem lan Yehuda ingkang kapimpin dening Prabu Zedekia. Gusti Allah nyingkiraken sadaya umatipun punika awit karana dosa-dosanipun, lan punika dados wohing sadaya tumindak alanipun umat ingkang mboten purun mratobat. Umat kasingkiraken lan nampi paukuman ing Babil. Punika ngengetaken kita bilih tumindak dosa punika nggadahi konsekuensi. Nalika tiyang punika wongsal-wangsul anggenipun nampik timbalanipun Gusti kangge mratobat lan gesang miturut karsanipun piyambak, tamtu badhe nampi paukuman.
Kita sadaya nggadhahi tanggel jawab kangge setya ndherek Gusti lan mimpin kanthi sae tumuju kabecikan. Menawi kita ngraosaken wonten ingkang mboten sae, gagal, lan ala ing salebeting bebrayatan utawi komunitas kita, pitakenan kangge dhiri kita pribadi: Punapa kita sampun gesang miturut karsanipun Gusti? Punapa kula sampun mimpin kanthi saestu? Pamratobat punika kunci kangge kita nampi berkah lan panuntun saking Gusti. Kita dipun timbali kangge nilar tumindak dosa lan ndherek Gusti kanthi tulus. Mangga kita sami sinau saking kawontenan gesangipun Prabu Zedekia ingkang ndadosaken murkanipun Gusti. Mangga kita tansah niti priksa gesang padintenan kita, punapa kita sampun setya ndherek Gusti lan nindakaken tanggel jawab kita kanthi saestu? Menawi dados pemimpin, punapa kita sampun mimpin cundhuk kaliyan sabdanipun Gusti? Gusti mberkahi lan nuntun kita sami. Amin. [dvd].
“Sing ngati-ati marang laku lan lathi, saben tumindhak nduweni konsekuensi.”