Waosan: Jabur 25 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 448
Nats: “Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi sumerep bab margi Paduka, sarta karsaa nedahaken radinan Paduka.” (Ayat 4)
Pandonga punika asring dipun wastani ambekanipun tiyang pitados, punapa punika pandonga saos sokur, pandonga awit nyanggi momotan, nampi pandadar gesang, pacoben lan ujian. Pandonga punika dipun unjukaken ing ngarsanipun Gusti kanthi adreng. Gusti mirengaken panyuwunan para umatipun, ananging Gusti ugi pirsa punapa panyuwunan kalawau saged bangun gesangipun umatipun tansaya sae lan dados berkah, punapa malah ngrisak gesangipun. Mila wangsulan pandonga dados kersanipun Allah sawetah, manungsa saderma nampi kanthi lega-lila lan saos sukur.
Ing waosan kita, juru Mazmur saweg ngalami pandadar gesang ingkang awrat. Isi pandonganipun kawiwitan saking nyuwun agunging sih pangapunten wonten ing ngarsaning Allah, awit dosa njalari juru Mazmur nandhang kasangsaran (Ay. 1-7). Juru Mazmur ugi nyuwun Gusti Allah paring pitulungan, welas asih awit dosa-dosanipun. Awit saking dosa punika juru Mazmur rumaos gesangipun mboten tentrem, katindhes dening tiyang kathah ingkang ndadosaken gesangipun sangsara lair lan batos. Kados pundi juru Mazmur ngadepi prastawa punika? Sepisan, piyambakipun tansah nggadhahi pengajeng-ajeng dhumateng Gusti Allah (Ay. 2). Kaping kalih, piyambakipun mboten nyingkur Gusti Allah lan manembah dhateng ilah sanesipun. Kaping tiga, piyambakipun nyuwun supados Gusti Allah kersaa nuntun lan mucal marginipun. Juru Mazmur pitados Gusti Allah mirengaken pasambatipun.
Saking waosan lan pengalamanipun juru Mazmur kalawau kita saged pikantuk piwucal ingkang endah. Tiyang pitados ingkang lampah gesangipun leres, tumindakipun sae, patrap gesangipun migunani dereng tamtu dipun remeni tiyang sanes. Punapa kita badhe nglokro lan mundur? Tamtu mboten. Kita kedah terus mlampah wonten ing marginipun Gusti, inggih punika margi kaleresan senaosa kita ngadepi pepalang. Kita pitados Gusti Allah nyarengi lan nganthi lampah gesang kita. Gusti Allah tamtu badhe mbelani umatipun. Senaosa mengsah kita katah, kita kedah tetep nggadhahi pengajeng-ajeng, ngandalaken Gusti wonten kahanan ingkang kados pundi kemawon. Ing kahanan ingkang mboten ngremenaken kita kedah tansah nggadhahi iman ingkang bakuh, kukuh, kiyat, lan jejeg. Sumangga kita terus nyuwun kakiyatan dhumateng Gusti Allah kangge ngadepi donya ingkang tansaya dangu tansaya awon punika. Amin. [Djian].
“Kekiyatan saking Allah ingkang ndadosaken mimpang ing prang rohani.”