Waosan : Yohanes 13 : 21 – 30 | Pamuji : KPJ 97
Nats : “Satemen-temene Aku pitutur marang kowe : Wong siji saka panunggalanmu bakal ngulungake Aku.” [ayat 21b]
Kathah pawartos bab tiyang mejahi sesaminipun ingkang kalebet brayat utami rencangipun piyambak. Mokal katampi ing nalar menawi karaosaken, sakawit ketingal rukun lan sami paring panyengkuyung wonten ing sedaya lampah gesangipun, wusananipun tumindak awon. Tumindak sae ing saben dintenipun, saged dados awon menawi iblis sampun nguwaosi gesangipun manungsa. Ingkang utami tumrape iblis inggih punika tansah mbudidaya paring panggoda dumateng manungsa, mligi tiyang ingkang tansah celak kaliyan Gusti. Putranipun Gusti ingkang “slimpe” uwal saking pangrengkuhe Gusti, tamtu kaseret lan karangkul dening iblis. Ing ngriku ketingal kadospundi tiyang ingkang swaunipun kagungan patrap adi manjalma dados tiyang ingkang ngetingalaken piawon. Nalika Gusti Yesus ing antawisipun para sakabat, Panjenenganipun paring paseksen bilih wonten salah satunggile sakabat ingkang badhe maringaken Gusti Yesus dumateng sesirahe negari, nampeni paukuman pati.
Tuwuh pangraos mangu-mangu wonten ing batosipun para sakabat, awit kalih welas sakabat ingkang tansah gesang celak kaliyan Gusti ing saben dintenipun tamtu boten badhe tumindak awon. Para sakabat ingkang tansah nampeni piwucal sae lan saged ningali sedaya mukjijat, tamtu kaangkah setya-tuhu dumateng Gusti Yesus. Yudas Iskariot kagodha dening iblis. Kekiyatan panguwaose iblis dumateng Yudas Iskariot ageng sanget, satemah sanadyan Gusti Yesus sampun paring paseksen lan para sakabat lintunipun sami mangu-mangu, ananging boten saged ngendelaken rancangan awone Yudas Iskariot.
Kajuligane iblis saged nglangkungi kawasisan lan kaprigelan kita, para titah piniji, menawi kemawon “slimpe” saking pangrengkuhe Gusti. Saged ngawonaken iman kapitadosan kita, sanadyan ketingalipun tansah celak kaliyan Gusti. Menawi tumindake Yudas Iskariot kalampahan ing gesang kita, ateges kita nyengkuyung tumindak awone kathak tiyang ingkang “nyalib” Gusti Yesus. Pitakenan kangge kita ingkang raket kaliyan Gusti, “punapa kita tegel maringaken Gusti dumateng panguwaose donya?” Kamangka Gusti tansah paring sedaya kabetahan ingkang kita suwun lan ugi sanadyan ingkang boten kita suwun, ananging Gusti tansah nyawisaken. Amin. [yohdik]
“Tentrem rahayu gesang wonten ing donya wah malih mulya gesang sesarengan kaliyan Gusti wonten ing swarga”