Nyawiji Mbangun Pasamuwan Pancaran Air Hidup 17 Agustus 2023

Waosan: Wahyu 15 : 1 – 4 | Pamuji: KPJ. 348 : 1 – 2
Nats:… ana malaekat pitu padha mbekta wewelak pitu kang wekasan, awit iku kang dadi pantoging bebenduning Allah.” (Ayat 1)

Sampun pinten taun anggenipun panjenengan dados warganing pasamuwan GKJW? Sadangunipun dados warga GKJW, punapa panjenengan nate ngraosaken duka ingkang ageng sanget kaliyan para sedherek warganing pasamuwan? Bilih nate ngraosaken duka ingkang ageng sanget, lajeng kadospundi anggenipun panjenengan mungkasi bab punika? Raos duka punika tamtu limrah sanget, ananging raos duka punika kedah enggal dipun pungkasi supados boten nuwuhaken dendam. Bilih sampun tuwuh dendam, punika bakal ngrisak gesang pasamuwan.

Ing waosan kita dinten punika, kaserat bilih Gusti badhe mungkasi bebendunipun. Gusti numrahaken bebendu dhateng umat-Ipun awit gesang umat-Ipun punika sampun boten setya malih, sampun nyingkur Gusti lan langkung remen nyembah brahala. Gusti karsa mungkasi bebendunipun kanthi pratandha ing langit, inggih punika wonten pitu malaekat ingkang sami mbekta pitu wewelak. Nalika wewelak punika sampun kelampahan, ateges sampun purna ugi bebendunipun Gusti. Umat ingkang setya tuhu dhumateng Gusti badhe nampi kawilujengan lan sami surak ngluhuraken Gusti kanthi sukabingah. Pepujan ingkang dipun aturaken umat kagem Gusti punika sami kaliyan ingkang sampun dipun aturaken Musa. Karena prekawis punika ngemutaken umat, nalika Musa ngentasaken bangsa Israel saking tanah Mesir. Sapunika Gusti piyambak ingkang paring pangluwaran lan dados juru wilujeng para umat-Ipun. Gusti mungkasi bebendun-Ipun lajeng dipun gantos kaliyan pemulihan gesangipun para umat.

Ing dinten punika kita taksih wonten ing wulan pambangunan GKJW. Langkung endah malih ing dinten punika kita wonten ing pahargyan kamardikan Bangsa Indonesia. Lumantar dhawuh pangandikanipun Gusti punika, kita sami dipun engetaken supados saged enggal mungkasi raos duka ing manah kita, sae punika ingkang tuwuh nalika kita gesang ing pasamuwan utawi nalika kita gesang sesrawungan ing masyarakat. Kadosdene Gusti ingkang boten kedlarung-dlarung ing bebendunipun lajeng nuwuhaken pemulihan, mekatena ugi kita sageda enggal mungkasi raos dendam nalika gesang ing pasamuwan lan ing masyarakat. Mangga kita nuwuhaken gesang ingkang rukun lan kebak tentrem rahayu. Sinaosa kathah rubeda ing satengahing gesang kita, sampun ngantos dados alangan kangge kita gesang nyawiji. Kanthi mekaten, kita saged mbangun gesang ingkang sae ing satengahing pasamuwan lan masyarakat. Amin. [GW].

“Gesang nyawiji dados paseksi nyata mring sesami.”

 

Bagikan Entri Ini: