Waosan: 2 Timoteus 4: 1-5 I Pamuji: KPJ.210: 1,2.
Nats: “Kowe nggelarna pangandika, sumanggema ing wektu kang becik, utawa ing wektu kang ora becik, melehna apa kang lupt, nyrengenana lan mituturana kalawan sakehing kasabaran lan piwulang.” (ayat 2)
Ing sawijining pangabekti brayat wonten satunggaling bapak ingkang nguda rasa. “Gajah diblangkoni…isa khotbah ora iso nglakoni!” makaten anggenipun nguda raos. Piyambakipun nguda raos makaten awit mangertosi gesangipun si juru khotbah sadinten-dinten. Ing pangraosipun, si juru khotbah menika namung saged wicanten sae nanging ing gesangipun sedinten-dinten boten saged tumindak sae kados ingkang dipunucapaken ing khotbahipun.
Panguda raos ingkang dipunaturaken bapak kalawau boten lepat. Nyata sae menawi sinten ingkang ndhawuhaken perkara sae tumindakipun ugi cundhuk kaliyan dhawuhipun. Menika ingkang dipunarani integritas. Integritas ingkang sae saged dipunukur kanthi njlimeti menapa antawis pangucap lan tumindakipun tiyang menika selaras menapa boten. Pangucap lan tumindak ingkang selaras mratandhani menawi tiyang menika nggadhai integritas.
Rasul Paulus paring kawigatosan supados Timoteus njagi integritas-ipun. Panjenenganipun ngemutaken Timoteus perkawis tanggel jawab. Timoteus ingkang sampun wiwit alit wanuh kaliyan Kitab suci nggadhahi kewajiban ingkang mligi kangge nggelar pangandika (khotbah). Nggelar pangandika kedah dipuntindakaken ing sadhengah situasi. Tujuanipun kangge melehaken ingkang lepat, ndukani lan paring pitutur. Senadyanta makaten, nggelar pangandika kedah katindakaken kalawan kasabaran lan kebak ing piwucal.
Menapa ingkang dipundhawuhaken Paulus boten ateges bilih tiyang ingkang nggelar pangandika kedah tiyang ingkang sampurna. Menawi namung tiyang sampurna ingkang pareng nggelar pangandika mila badhe boten wonten tiyang ingkang pantes nggelar pangandika awit boten wonten manungsa ing donya menika ingkang sampurna. Nanging kita sedaya kedah ngrengseng ngupadi amrih sampurna. Pangandikanipun Gusti kados dene pedang mata kalih. Ing sisih ngajeng landhep, ing sisih wingking ugi landhep. Sok sintena ingkang nggelar pangandika boten namung saged tumama ing tiyang ingkang mirengaken, nanging kedah ugi tumama ing dirinipun ingkang khotbah. (Dn).
„…pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang…“ (Ibrani 4:12)