Pinter Nglakoni Sabdane Allah Renungan Harian 15 September 2018

15 September 2018

Waosan: Matius 21:23-32 I Pamuji: KPJ.190:1,4.
Nats: “Sabab Yokanan anggone teka iku prelu nuduhake dalaning kayekten marang kowe, ewadene kowe ora pracaya marang dheweke. Nanging para juru mupu bea lan para wanita tuna susila padha pracaya marang dheweke. Nanging kowe kabeh sanadyan weruh, ora banjur kaduwung lan uga ora pracaya marang dheweke.” (ayat 32)

Tiyang pinter menika dereng mesthi bener. Kathah tiyang pinter ingkang keblinger. Tiyang pinter menika mesthinipun nyumurupi lan mangertos kabecikan sarta nggadhahi kathah kawruh. Nanging nyatanipun kathah tiyang pinter ingkang boten nindakaken kabecikan. Kosokwangsulipun, malah kathah tiyang pinter ingkang nindakaken piawon. Sanadyan sampun katangkep amargi piawonipun lan kapatrapan pidana, malah mesam-mesem, babar pisan boten rumaos keduwung (getun). Conto cethanipun inggih menika para koruptor ingkang katangkep. Para koruptor menika tamtu tiyang-tiyang pinter. Yen boten pinter boten saged nindakaken korupsi. Nanging nadyan pinter, karana nindakaken piawon, nggih tetep katangkep dening tiyang pinter sanesipun ingkang mbrastha piawon.

Lah mekaten ugi tumrap para Imam lan pinisepuhing bangsa Yahudi. Tiyang-tiyang menika tamtu tiyang-tiyang pinter. Karana pinter lajeng kapiji dados Imam lan pimpinaning bangsa. Tiyang-tiyang menika nyumurupi kanthi taliti lan mangertos kanthi sayektos bab sabdanipun Allah. Tiyang-tiyang menika boten nyipati pamecaning nabi (Yesaya) ingkang kapenuhan ing pakaryanipun Yokanan Pambaptis. Tiyang-tiyang menika mangertos bilih sadaya tiyang kadhawuhan mratobat. Nanging tiyang-tiyang menika boten pitados dhateng pawartosipun Yokanan. Kosokwangsulipun, para juru mupu bea lan para wanita tuna susila -ingkang boten patos mangertos bab sabdanipun Allah- sami pitados lan manut dhateng dhawuhipun Yokanan.

Ingkang dipun remeni dening Gusti menika pinter ing bab nglampahi karsanipun Allah, nindakaken kabecikan, sanes pinter namung ing bab kawruh lan pangertosan. Pinter ing kawruh lan pangertosan tanpa nindakaken kabecikan menika pinter ingkang boten bener, pinter ingkang keblinger. [st]

“Rahayu wong kang pinter nglakoni sabdane Allah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak