Waosan: Daniel 4 : 19 – 27 | Pamuji: KPJ. 155
Nats: “Awit saking punika dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula, …” (Ayat 27a)
Asring kita punika mendel utawi mboten purun wicanten nalika ningali kahanan ingkang mboten nyekecakaken ing manah. Saged ugi amargi kahanan punika mboten wonten gandeng cenengipun kaliyan pigesangan kita utawi kahanan punika mboten wonten untungipun kangge kita. Punapa malih saged dadosaken kita nampi kasangsaran amargi tumut grubyuk ing masalah punika. Bilih kados mekaten ingkang asring kita alami, lajeng kados pundi kita saged nuwuhaken raos peduli lan mujudaken kasaenan, keadilan, katentreman dhateng sesami bilih gesang kita kemawon raosipun awrat?
Dhaniel saged dados tuladha ingkang sae kangge kita, kados pundi kita purun paring pendapat, nasehat, kritik kangge kasaenan tiyang sanes, sanadyan tiyang punika nggadhah kalenggahan ingkang langkung inggil tinimbang kita. Kita sadar bilih punapa ingkang kita ucapaken saged ndadosaken manahipun sesami kita punika mboten tentrem, malah saged dadosaken kita nampi ganjaran awit saking pangucap kita punika. Dhaniel krana karsanipun Gusti Allah, dipun paringi kawicaksanan kagem jelasaken punapa ingkang dados impenipun Prabu Nebukadnesar. Piyambakipun ngemutaken supados Prabu Nebukadnesar purun mratobat, luwar saking paukumanipun Gusti Allah. Ananging amargi wangkot, Prabu Nebukadnesar nampi bebendu kados dene ingkang sampun dipun aturaken dening Dhaniel.
Ing pigesangan kita punika, tumindak purun urun rembug, paring piweling, paring nasehat, kritik, wawasan punika prekawis ingkang wigati. Punika minangka kepedulian kita dhateng sesami. Ing ngriki, kita saged ngiyataken, nulungi tiyang sanes, tumuju gesang ing kasaenan. Punapa kemawon resiko ingkang wonten, kita mboten angsal kendhat anggenipun nglantaraken kabeneran ing satengahing gesang kita. Mangga ing pundi-pundi papan pangenan kita, sae ing satengahing pandamelan, ing satengahing pasamuwan, ing satengahing brayat, bilih wonten kesempatan kangge kita ngengetaken sedherek kita ingkang lepat, kita purun urun rembag kangge mbangun gesang sesarengan tumuju kasaenan. Amin.[Sungsang].
“Sak begja begjane wong kang lali isih begja sing eling lan waspada.”