Waosan : Mateus 25 : 14 – 30 | Pujian : KPJ. 172 : 1, 2, 3
Nats: “…. Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindhakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu” (Ay. 21)
Asring kita mirengaken bilih tiyang pitados boten pareng utang lan ngutangi, punapa malih ngagem bunga utawi maringi jasa dhateng arta ingkang dipun agem. Waosan punika kados-kados prekawis investasi ingkang dipun panggihaken. Ananging pasemon bab 5000 emas, 2000 emas, lan 1000 emas ingkang kapasrahaken para abdi punika nelakaken prekawis kasetyan lan panyambut damel tumemen. Ingkang ateges nandukaken punapa ingkang kadhawuhaken supados dados piguna lan ngrembaka ing salebeting sang Bendara tindak dhateng manca negara. Ingkang estu nyambut damel lan ngugemi dhawuhipun saged ngrembaka dados tikel kaping kalih. Dene ingkang boten tumindak punapa-punapa inggih boten angsal bebungah. Malah dananipun kedah dipun paringaken ingkang sampun damel renaning penggalih sang Bendara.
Kita sedaya kados dene para abdi ingkang dipun paringi tanggel jawab dening Gusti Yesus supados setya tuhu lan saged damel ngrembakaning talenta ingkang sampun kaparingaken kita pinta-pinta manut karsanipun Gusti. Mangga sedaya talenta punika kita damel kagem karenanipun Gusti. Dadosa punapa kemawon ingkang kita alami kanthi bingah lan tanggel jawab saestu. Tumemen anggen kita lelados ing babagan ingkang sampun dipun paringaken. Temahan kasetyan lan panyambut damel ingkang tumemen punika estu dados berkah wonten ing gesang punika. Dados sanes gung-gungipun ingkang kasuwun dening Gusti, nanging tanggel jawab lan semangat anggen kita nglampahi gesang lan ngangge talenta ingkang sampun kaparingaken ing gesang punika. Temahan dados piguna lan kabingahan tumrap tiyang kathah. Lan berkah punika estu kaparingaken Gusti kanthi matikel-tikel (berlipatkali ganda) dhateng kita . Amin. (LUV)
“Berkahipun Gusti dhateng kita punika boten nate salah alamat”