Tobat Kang Manfaat Pancaran Air Hidup 15 Mei 2024

15 May 2024

Waosan: Ezra 9 : 5 – 15  |  Pamuji: KPJ. 319
Nats: “Lah sapunika kawula sami sowan wonten ing ngarsa Paduka, klayan mbekta kalepatan kawula. Mangka saestunipun ing salebeting kawontenan ingkang makaten wau, mboten wonten tiyang ingkang saged lestantun wonten ing ngarsa Paduka.” (Ayat 15B)

Mboten gampil ing swasana gesang bebrayatan ingkang majemuk punika, kita mbangun masyarakat ingkang kondusif. Mila mboten aneh menawi kita sampun sawetawis dangu mapan wonten kampung ingkang sekeca, rukun kaliyan tanggi tepalih lan guyup wonten ing sadengah kegiatan, karaos sedhih menawi kita pindhahan krana mutasi utawi kenging bencana alam. Karana lingkungan ingkang tentrem lan nengsemaken punika estu damel kita krasan lan bingah ing gesang bebrayatan. Mila asring kita taksih ndherek wonten ing grup Whatsapp kampung utawi komunitas ing pundi kita manggen senaosa kita sampun mboten wonten ngriku malih.

Kosokwangsulipun, ingkang kalampahan ing zamanipun Ezra inggih punika kawontenan masyarakat ingkang ala, malah para pandeganing praja lan para imam mboten saged dipun tuladhani karana tumindak dosa (Ay. 5-6). Para umatipun Gusti estunipun mboten layak pikantuk pangapuraning dosa saking Gusti. Bab punika dipun sadhari dening Ezra. Kawontenan punika njalari Ezra nggadahi tekad ngajak bangsa Israel ing margining kaleresan, inggih manut karsanipun Gusti. Bangsa Israel dipun engetaken supados mratobat, nilaraken sedaya dosa lan rancangan jahatipun. Bangsa Israel kasuwun sujud manembah wonten ing  ngarsanipun Gusti Allah.

Pamratobat dhateng Gusti punika satunggaling sarana kita angsal sih palimirmaniPun. Anggen kita ngakeni dosa-dosa kita punika, kedahipun mboten namung nggetuni punapa ingkang sampun kalampah ing gesang kita, nanging kita ugi nilar pakaryan awon lajeng nindakaken kaleresan lan kaadilan ing sajroning gesang bebrayatan. Timbalanipun Gusti dhateng kita: kita dados pirantos ingkang migunani wonten ing gesang kita, temahan kita nggadahi pengajeng-ajeng dados manungsa ingkang wetah. Sedaya punika mboten krana kakiyatan kita, nanging krana Gusti Allah piyambak ingkang paring wewengan dhateng kita. Pamratobat ingkang kita lampahi punika njalari katentreman lan kaendahaning gesang kita. Mangga kita sami mratobat dhumateng Gusti sarta ngraosaken manfaatipun kangge gesang kita. Amin. [LUV].

 “Nalika kowe jujur marang awakmu dhewe, kaelokan gedhe bakal kelakon.”
(Deborah Norville )

Renungan Harian

Renungan Harian Anak