Ratuning Urip Pancaran Air Hidup 15 Mei 2021

15 May 2021

Waosan:  Jabur  47 : 1 – 10  | Pamuji: KPJ.  421 : 1 – 3
Nats:
“Amarga Gusti Allah iku Ratu ing salumahing bumi, padha ngidunga Mazmur, kidung piwulang!” (Ayat 8)

Obrolan nalika rondha jebulipun saged dados sarana ngonceki bab-bab ingkang asring boten kita angen-angen. Pengalaman Pak Dadap rondha dinten Jumat kalawingi saestu nuwuhaken bab enggal ing wawasan ngadhepi gesang. Babar pisan boten nginten yen pepanggihan kaliyan lare nem malah dados momen wigatos sanget. Lare nem (kita tengeri kemawon mawi asma Mas Bidu) nglairaken salah setunggaling pengalaman gesangipun. Mas Bidu cariyos yen sasampunipun nglampahi gesang ing pepeteng salami 8 taun namung ndadosaken badanipun risak mekaten ugi gesangipun. Pancen nate ngalami gesang mubra-mubru, nanging namung sekedhap. Salajengipun gesang tansah kalimputan raos kuwatos lan tebih saking katentreman.

Lan sampun tigang taun menika piyambakipun nglampahi gesang enggal sasampunipun pinanggih Gusti lumantar lare alit. Lare alit menika dipun sukani roti dening Mas Bidu.  Nanging roti menika boten enggal pun tedha, malah pun beta wangsul. Dinten sanesipun nalika lare alit menika dipun takeni dening Mas Bidu, “Roti wingi kok mbok gawa mulih, le.” Dipun wangsuli, “Aku mesakna ibuku. Roti tak gawa mulih supaya ibuku uga bisa ngrasakake!”  Tembung, “Aku mesake ibuku” ingkang pun pireng dening Mas Bidu kados-kados swanten ajaib ingkang murugaken piyambakipun sak-deg-sak-nyet kemutan ibunipun ingkang sampun dangu dipun sepelekaken! Mas Bidu lajeng nangis.

Samenika Mas Bidu kenceng sanget anggenipun nglampahi gesang gondhelan dhateng astanipun Gusti. Sanadyan kawontenan gesang dereng temata lan taksih ngalami kathah kekirangan ing bab ekonomi, nanging piyambakipun boten nate kendhat angggenipun ngluruharaken asmanipun Gusti, rina-wengi! Prinsip ingkang pun cepeng dening Mas Bidu samenika “Gusti iku Ratuning urip”. Menawi kathah tiyang Kristen ngugemi pangertosan bilih sowan Gusti menika nalika dinten Minggu ing pangabekti/greja, boten mekaten Mas Bidu. Piyambakipun sowan Gusti malah ing sauruting wekdal anggenipun piyambakipun saweg nyambut damel. Awit piyambakipun sadar bilih ing tengahing panyambut damel godha rencana menika saestu nggegirisi. Piyambakipun cariyos yen modal imanipun namung setunggal, inggih menika boten kendel ing manah ngluhuraken asmanipun Gusti. Kadospundi Panjenengan?  (smdjn).

“Padha ngalembanaa Panjenengane he sakehing suku bangsa!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak