Waosan : Lelakone Para Rasul 27 : 14 – 38 | Pujian : KPJ. 341
Nats: “Milanipun dipun tatag kemawon panggalih panjenengan, para sadherek!” (ay.25)
Satunggaling wekdal kula ngajak brayat kula rekreasi dateng wanawisata ing tlatah Yogyakarta sisih Wetan. Elok sanget pemandanganipun, ketawis asri lan saged ningali kitha Yogyakarta saking gunung ingkang inggil. Anak-anak kula saweg ngebet sanget anggen gadah pepinginan foto ing salah satunggilipun spot foto ingkang awujud rumah pohon. Ananging, krana kula punika phobia ketinggian kula mboten nuruti. Lajeng anak-anak kawula punika ngrayu kula kanthi estu. Kula dipun semangati lan ugi dipun bombong supados wantun foto ing rumah pohon punika. Krana kula tetep boten purun lajeng dipun olok-olok. Awit gengsi, kula nyobi minggah ing rumah pohon punika. Kados dene sporter-ipun bal anak-anak lan sisihan kula punika paring semangat. “ayah…ayah…ayah… semangat…” Kinten langkung mekaten ingkang dipun pocapaken. Sak sampunipun dumugi ing nginggil, kraos lega sanget, ananging nalika ningali ngandap kraos ajrih malih malah ngantos pusing sirah kawula. Kula ajrih krana boten saged ngendaleni diri lan perasaan kawula piyambak. Awit mboten tatag, kawula ngraosaken was sumelang.
Waosan kita dinten punika inggih nyariosaken babagan tatag punika. Nalika prau ingkang dipun ginakaken kagem mbekta Rasul Paulus sak rombongan saweg ketrajang ombak lan angin ingkang gegerisi lajeng sedaya upaya dipun lampahi. Sedaya tiyang saweg panik lan kepingin nylametaken diri pribadi. Punapa sedaya daya punika migunani? Mboten, malah sansaya dadosaken sedaya tiyang saweg cecongkrahan. Pramila Rasul Paulus paring dawuh murih sedaya tiyang punika tatag ing manah awit srana tatag punika lajeng kita saged ngendaleni diri lan mikir kanthi tenang.
Makaten ugi bilih gesang kita ketaman ing angin lan ombaking masalah gesang. Sumangga katuran tatag ing manah lan kanthi makaten kita saged lerem lan mawas diri kangge pados solusi. Wujudipun tatag inggih punika srana pasrah lan sumarah ing ngarsanipun Gusti Yesus. Bilih sampun tenang lan kita saged pasrah tamtu Gusti piyambak ingkang paring pitedah lan pangluwaran. Amin. (to2k).
“Pandonga kanthi pasrah andodasaken leremipun manah, pandonga kanthi panik sansaya andodasaken meksa Gusti”