Waosan: 1 Korinta 10: 1 –13 | Pujian: KPJ. 116 :1
Nats: “Mulane sing sapa rumangsa ngadeg jejeg, dingati-ati aja nganti tiba!” (Ayat 12)
Tanggal 23 Juli – 8 Agustus 2021 kepengker, ing negari Jepang dipun wontenaken Olimpiade. Wonten 11.326 atlit saking 205 negari ingkang tanding. Wekdal pertandingan punika dipun lampahi, wonten setunggal prekawis ingkang dados trending topic, inggih punika wonten cabang bulutangkis, awit para pemain unggulan sami kawon. Mliginipun pemain ganda putra Indonesia the minion (ranking 1 dunia) kawon kalian pemain ganda Malaysia (ranking 9 dunia). Rekor pertandingan sakderengipun the minions mboten nate kawon, main ping pitu tansah menang. Miturut para pengamat pancen posisi ranking ingkang langkung inggil punika, malah saged dadosaken pemain lena, mboten ngati-ati, awit nganggep mengsahipun punika langkung lemah.
Rasul Paulus paring pepiling dhateng para pitados ing kitha Korinta, supados saged sinau saking lampahipun bangsa Israel wekdal lumampah wonten ing ara-ara lan nratas segara. Bangsa Israel tansah dipun tulungi dening Gusti Allah satemah manggihaken kawilujengan. Nalika bangsa Israel kaluwen lan ngelak, Gusti Allah paring tetedhan lan omben. Mboten kirang-kirang katresnan lan pitulunganipun Gusti Allah dhateng bangsa Israel. Awit katresnanipun Gusti Allah ingkang ageng punika malah ndadosaken bangsa Israel lena, gesang morsal, laku jina, nyembah brahala, mboten mbangun miturut kaliyan Gusti. Saking tumindakipun punika bangsa Israel nampi paukuman pati saking Gusti Allah.
Minangka tiyang kristen sampun sakmesthinipun kita pitados bilih Gusti Allah punika saestu nresnani kita, saestu tansah paring pangapunten tumrap dosa-dosa kita. Ananging sampun ngantos kita punika over PD (percaya diri), satemah mboten ngati-ati tumrap gesang kita, rumaos diri paling bener, mboten purun mirengaken pitutur saking liyan saha Dawuhipun Gusti Allah. Awit pemangih ingkang mekaten punika saged mbeta kita nindakaken kalepatan, mbeta kita dumawah wonten ing dosa (Ay. 12), satemah nampi paukuman. Pramila sinau saking para atlit Olimpiade lan saking pitutur luhuripun rasul Paulus punika, sumangga kita tansah ngati-ati, tansah waspada, ngrumaosi bilih diri kita punika sejatinipun ringkih, gampang kagoda dumawah dhateng dosa. Kanthi mekaten kita saged tetep jejeg gesang miturut dawuhipun Gusti. Kita purun mirengaken dawuhipun Gusti, satemah kita luput saking paukumaning Gusti. Amin. [GIK].
“Sakbeja-bejane wong kang lali, luwih beja wong kang eling lan waspadha.”