Mboten Kanyana-Nyana! Pancaran Air Hidup 15 Juni 2022

15 June 2022

Waosan: Dhaniel 1 : 1 – 21 | Pamuji: KPJ. 65
Nats:
”Nonoman papat mau padha diparingi dening Gusti Allah kawruh lan kapinteran bab tulisan lan kawicaksanan warna-warna, dene Dhaniel uga kadunungan pangerten bab wahyu lan impen rupa-rupa.” (Ayat 17).

Menawi dipun sukani pilihan, tamtu mboten wonten manungsa ingkang purun nampi pacoben, momotan, lan kasangsaran ing salebeting gesangipun. Manungsa tamtu badhe milih supados gesangipun punika saged kalampahan kanthi lurus lan mulus. Nanging, gesangipun manungsa punika misteri, mboten wonten ingkang saged nyumerepi punapa ingkang badhe kadadosan. Bilih pengajeng-ajeng kaliyan kasunyatan mboten selaras, nah punika sumbering masalah. Langkung awrat bilih manungsa punika mboten saged nampi kasunyatan lajeng dhawah ing kasedihan lan putus asa.

Waosan kita ing dinten punika paring cariyos bab para nem-neman ingkang nampi pacoben ingkang awrat, nggih punika Dhaniel, Hananya, Misael, lan Azarya. Para nem-neman punika sejatinipun para keturunan prabu saking Israel ingkang dipun bucal ing Negri Babil amargi kalah ing medan perang. Nglampahi pigesangan ing negri pambucalan punika tamtu mboten gampil, amargi mboten nggadhahi kamardikan sarta kabebasan. Punapa malih para nem-neman punika kapiji ngladosi ing Kraton Babil, tamtu tugas lan tanggeljawabipun sansaya rekasa. Nanging, ing kahanan ingkang kados mekaten, para nem-neman punika mboten putus asa. Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya nglampahi sadaya tugasipun kanthi telaten lan tumemen. Para nem-neman punika ugi mboten kesupen kaliyan imanipun dhumateng Gusti Allah. Mboten kanyana-nyana, Gusti Allah lajeng makarya lumantar para nem-neman kalawau, satemah para nem-neman punika saged dados lantaran berkah ing tanah pambucalan punika.

Para kekasihipun Gusti, pigesangan kita ugi tansah dipun warnani kaliyan rupi-rupi pacoben, kasedihan, kasangsaran, lan sapanunggalane. Mugi kados dene para nem-neman ing waosan kita kala wau, kita saged dados pribadi ingkang tebih saking raos putus asa. Kita tansah kaparingan manah ingkang tatag, satemah ing maneka werna kahanan kita saged ngeneraken manah ing ngarsanipun Gusti lajeng dados lantaran berkah kagem tiyang sanes. Mugi kita tansah kiyat lan semangat nglajengaken gesang, amargi rancanganipun Gusti Allah punika mboten kanyana-nyana. Amin. [xie].

“Dhuwur wekasane, endhek wiwitane.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak